PAMRAYOGANE KANG GAWE LAYANG IKI
1. Dhisike diwaca grambyangan satamate
2. Di baleni saka wiwitan kanthi alon lan sareh.
3. Yen wis tamat kapindhone. Disinggahke. Pamacane kang kaping telune lan sabanjure : oran perlu urut.
4. Sanajan wis tamat ping telu ping pat, disinggahna, kanggo simpenan..
ooooOOOOOOOooooo
Wiwitan ora terang swasanane
Nanging yen kerep disinggahake lan diwaca titi sarta letari pamarsudine,
Sangsaya lawas, sangsaya mundhak terange
Sinengkelan : Kawruh Raras Basuking Tyas
ISI BUKU
13. Penget
14. Pamrayogane kang gawe layang iki
15. Jatimurti
16. Bab : I bab Alam Garis
17. Bab : II bab Alam Lumah
18. Bab : III bab Alam Jirim
19. Bab : IV bab Alam Kajaten
20. Bab : V bab Alam Pramana
21. Bab : VI bab Pangesthi, Yaitu gaweyan ing batin manut panganggep
22. Bab : VII bab Nerangke ukuran kang kaping pat
23. Ananing Alam-alam lan Makhluk maneka warni
24. Ancer-ancer 27 warna 1 s/d 27
25. Ringkesin kawruh I nganti VII
26. Pitakon lan wangsulan maksude Layang Jatimurti
27. Keterangan ringkesan (pungkasan).
JATIMURTI
Edit : Pujo Prayitno
KAHANAN JATI, Rehning ana kahanan jati, iya ana kahanan kang ora sejati.
Barang kang ana iku temene maune mula ana, Sing ora ana, maune ya ora ana. Umpamane : Bocah sing aran Dipa, apa wedhus, kacang jambu, kukus, geni, mega, kabeh mau anane mung sawatara wektu, banjur bali ora ana maneh. Kepriye anggone di arani ana, wong anane kaya pendhukule ombak, mendhukul, nuli ilang, njur ana pendhukul liya maneh, ning ya njur ilang maneh, mangkono sabanjure. Cetha ing kene, yen si-pendhukul iku temene ora ana. Sing tetep jeneng ana iku : banyune, kang mendhak – mendhukul, dudu si pendhukule. Tingkahe banyu mengkono mau, katelah aran : Ombak. Wose : Ombak iku dudu sing ana, mung : Kadadeyan. Cetha yen kadadeyan iku dudu sing dadi.
Mangkono uga, isen-isenign ALAM sak-kutu-kutu walang atagane, kaya : gunung, bumi, srengenge, rembulan, manungsa, kewan, tetuwuhan, rehne tinemune nalar maune ora ana, dadi kabeh mau satemene ya ora ana, mung : Kadadeyan. Ora temen ana, utawa : Kahanan gorohan.
->>>>> Ora ana apa-apa, Mung Allah kang ANA, Yaiku kang ana sa-bener-benere. Kasebut : KAHANAN JATI, tegese : Kang Temen Anane. <<<< ----
Tresna marang kahanan ndonya iku padane nubruk ayang-ayangan, mangsa kenoa dicekel, jer anane ora temenan. Kapencut marang kahanan ndonya iku kayadene mbungahi kepati-kapati, jebul ilang tanpa lari.
===>> Donya iku dalan, iya kudu di ambah apa methine, nanging dudu benere yen dirungkebana <<====
===>> Sing sapa ngambah dalan, kudu sumurup, yen kang ana ing sangarepe, sanajan diparanana, mung bakal diliwati bae. <<====
oooOOOooo
Bedane kahanan ndonya lan kahanan jati :
Kahanan ndonya yen katimbang lan anane Pangeran, kena kaumpamakake gambar sorot (bioskop) kang ana ing geber, katadhing lan kahanane : wong, omah, wit-witan, lsp, kang digambar mau.
Kang digambar mau wujud “Jisim” dumunung ing “Jirim”, bisa manggon ana ing sajabaning geber. Balik gambar mau, mung wujud ayang-ayangan, tanpa kandel, mung dumunung ing raening geber. Denen anane ya gumantung marang ananing geber.
Yen arep sumurup : Kepriye bedane kahanan ndonya karo kahanan jati, cukup anggere sumurup : kepriye bedane garis karo lumah (raen). Bedane garis katanding lan raen mau, padha bae lan bedane : raen manawa katanding lan kibik (brang/jirim). Denen bedane raen karo “Jirim”, nyamleng padha lan bedane ALAM yang katanding karo KAHANAN JATI.
oooOOOooo
Kapriye Ta Bedane ?
Bedane luwih denig gedhe, ora mung basa beda, malah dudu timbangane, tegese : DUDU MESTINE KATANDHINGAKE.
Gedhene tengu lan gekdhene Bumi, sanajan banget anggone ora timbang, ewadene meksa kena ditimbang, marga karo-karone padha bangsane jirim. Nanging, yen kahanan jati karo kahanan ndonya, dudu bangsane, dadi ora kena ditandhing babapisan. Apa ukuran 3 liter kena ditandhing karo 3 hektar? Apa iyo kena ditanding karo godhong?
oooOOOooo
Mungguh tetelane prakara iku manawa katerangake dhisik ing bab beda-bedaning : “GARIS, RAEN, sarta JIRIM.
Yen wong sumedya mangerti kalawan pratitis ing bab etrape alam mungguhing kahanan jati, kang sayoga mangertiya dhisik : Kepriye etrape garis mungguhing raen, apadene : kepriye etrape raen mungguhing jirim, dene nalare : etraping jirim mungguhing kahanan jati iku, kayadene etrping raen mungguhin jirim lan uga kaya etraping garis mungguhing raen.
Panganggone nalar iku mangkene : Garis iku apa lan kepriye tumraping raen รณ raen iku apa lan kepriye lan kepriye tumraping jirim (alam) ==== rong prakara iku nuli kanggoa pepindhan : Jirim (alam) iku apa lan kepriye tumraping kahanan Jati. (Catetan Kaki : Ana pepindan mengkene : uyah kacemplungake ing segara, sienaning uyah awor dadi siji lan segara, iku dadi pepindhan woring kawula Gusti, iya bener. Nanging tetandhingan KAHANAN (kahanan kang ora sejati karo kahanan jati), ora kena diumpamakake UYAH karo SEGARA. Apa sebabe : Uyah lan segara karo-karone padha bangsaning jirim, sarta isih bisa pisah. Layang iki nyurupe yen etrape jirim marang kahanan jati iku kaya raening jirim marang jirim kang mawa raen iku. Anadene jisim kang nganggo jirim iku tumraping kahanan jati mung kayadene wawernan kang ngenggoni raen.)
Ing saiki kang kapretalakeka dhisik bab garis, raen sarta jirim : Kapriye kahanane lan kapriye etrape siji lan sijine, awit bakal kanggo pepindhan kang pratitis ing bab etrape jirim (alam) marang kahanan jati.
Dene prayogane kudu kapretalakake sarana patrap mangkene :
d. Garis iku apa lan kepriye mungguhing raen.
Garis iku sanajan sapira-pira kehe, kajejer-jejer pipit meksa ora bisa mujudake lumah (raen) awit sarupaning garis pancen padha tanpa raen. Sarehning siji-sijine tanpa raen babarpisan, kalumpukake kabeh iya ora bisa mudujake lumah utawa raen.
Dadi : lumah mengkono dudu garis, nanging duwe watak : mengku garis kang tanpa wates cacahe. (Catetan kaki : Sa-jeroning raen kena di iseni garis maeu-ewu, ora bakal sesak. )
e. Raen iku apa lan kapriye mungguhing jirim.
Raen sanajan sapira-pira kehe, katumpuk-tumpuk, meksa ora bisa mujudake kubik (jirim) awit sarupaning raen padha tanpa kandel. Yen siji-sijine tanpa kandhel babarpisan kalumpukkake kabeh iya ora dadi jisim. Dadi jisim mangkono dudu raen, nanging duwe watak : Mengku raen kang tanpa wates cacahe. (Catetan kaki : Sa-jeroning jisim kena di iseni raen maeu-ewu, ora bakal sesak. )
Kongsi kang ora sumurup banujur ngira yen jirim iku kadadeyan saka pakumpulaning raen akeh. Kang mangkono iku luput. Mangkono uga kosokbaline : Yen raen dianggep perangan cilik saka jirim, iya ora bener.
f. Jisim iku apa lan kapriye mungguhing kahanan jati.
Jisim sanajan dikayangapa gedhene, utawa sanajan sapira-pira kehe, panjing-pinanjing, meksa ora dadi kajaten, awit sarupaning jisim pancen dudu jatine, sebab mung arupa jirim. Sarehning siji-sijine dudu jatine, sanajan paning-pinanjingan, kalumpuke kabeh iya dudu kajaten. Dadi : Kajaten mangkono dudu jisim utawa jirim --- naging kabeh kagungan watak : Mengku marang jirim kang tanpa wates gedhene lan jisim kang tanpa wilangan cacahe lan warnane, (Catetan kaki : Ing kajaten kena di-iseni jisim pira-pira kang tanpa wilangan cacahe utawi tanpa wates gedhene, ora bakal sesak (Alam pira-pira kang siji-sijine wujud awung-awung kang tanpa wate gedhene : padha panjing-pinanjing. Siji-sijine dumunung ing kajaten, etrape kaya kaca-kacaning buku dumunung ing buku. Isining alam upama tulisan kang ana ing kaca-kaca mau). Kongsi kang ora sumurup banjur ngira, kahanan jati iku kadadeyan saka pakumpulaning jirim utawa alam saisine, kang tanpa wates gedhene lan tanpa wilangan cacahe. Kang mangkono iku luput, mangono uga kosokbaline : yen jirim di-anggep perangan cilik saka kahanan jati (Catetan kaki : Lire yaiku : jisim kasar lan jisim latip (ruh) dianggep perangan cilik saka : Dzat), iya ora bener.
Kang kapretalakake ing dhuwur iku nalar kang prayoga ke-enggo watoning pamikir lan panganggeping manungsa ing bab kahanan kang sajati, aja kongsi keliru : Dzat sajati ka-anggep kaya bangsane jirim kang manggon, utawa disengguh atom utawa molekul kang mujudake alam sa-isine kabeh, iku sakethi luput, najan katumrapna alam ka-alusan, iya ora bener.
Uga durung bener, manawa ka-anggep bangsaning roh, jer roh utawa nyawa iku iya jirim kang manggon, iku sipat kang kanggonan watak owah gingsir.
oooOOOooo
Sarana dhadhasar pangerti kang kaprelakake ing dhuwur mau, pikiring manungsa ora bakal bingung utawa kewran panyekele, sarta banjur bisa mangerti terang marang kareping pepindhan, ancer-ancer utawa dalil kang nuntun budining manungsa marang kahanan kang sajati. Kaya umpamane :
5. Kepriye sebabe kahanan jati ora kena kinaya ngapa, utawa sebabe sarwananing kahanan ing alam kabeh ora kena dianggo ngumpamakake kahanan jati.
6. Kapriye nalare dene kahanan jati ora kena kinira kira utawa cinakrabawa ing manungsa.
7. Kapriye pangretine ; kahanan jati dumunung ing batinne sakehing kahanan tur ora kajaba ora kajero, sarta : “Sakehing kahanan wis karo jatine apadene : Sajatine ora ana apa-apa mung Dzat Kang Ana.
8. Kapriye keterangane : Dzat iku kahanan tunggal (murni) kang tanpa perangan, sakehing alam (donya lan sakehing alam kaalusan) dudu perangan saka Dzat, dadi : Dudu kadadeyan saka kalumpuking sakehe alam, lan liya-liyane : prakara kang kamot ing kawruh Rasul.
Iku kabeh bisane terang, tetela saka anggunem dhisik etraping garis mungguhing raen, sarta : Raen mungguhing jirim, awit iku bakal kanggo pipindan : etraping jirim marang kahanan jati.
Sawarnaning jisim enggone dumunung ing jirim, kaya warna (abang, ijo), anggone dumunung ing raen. (bidang).
Sakehing jirim (awung-awung utara enggoning jisim) olehe gumantung marang kahanan jati : kaya raen olehe gumantung marang ananing jirim kang duwe raen iku.
Dadi : Kahanan jati anggone dumunung ing batine sakehing kahanan, kaya jisim enggone kaprenah sajroning raen.
Mengkono uga, enggone ora kejaba ora kejero, iku kaya buku anggone kaprenah ing tembing endine kaca-kacane.
Mangkono maneh enggone katembungake “Ora ana apa-apa, mung Dzat kang ana. Iya kaya dene si buku enggone ora tanding anane karo ananing kaca-kacane utawa tulisane utawa gambar-gambare buku iku : awit : Raen, tulisan utawa gambar-gambar mau, sanajan ana-a, ora kaanggep wujud tumraping jirim (deluwang). (Warna iku dudu wujud tumrape jirim kang duwe warna, ..).
oooOOOooo
Ing saiki kari mratelakake tatandhinganing jembare (kobete utawa tebane) kahananing martabat garis karo martabating raen, nuli kahananing martabat raen karo martabating jirim, banjur : kahananing martabat jirim karo martabat kajaten.
Enggone mratelakake prakara iku sarana patrap mangkene : ( I ngati tumeka IV).
VIII. ALAM GARIS
Edit : Pujo Prayitno
(Garis, lumah, jirim, kajaten, iku kabeh alam, alam iku tegese : martabat kang linungguhan ).
Alam garis iku banget anggone rupek, kang lungguh ing alam garis, yaiku : “Cecek”, si cecek kang ana ing alame mau mung nurut enggon sa-uruting garis. Lire mung maju karo mundur, ora ana kiblat kiwa lan tengen, mung ngarep lan mburi..
Dadi cecek mau ora duwe cara nyimpang. Mulane upama di cecek dicegat ing ngarp lan ing mburine, ora oleh panggonan maneh, kajaba yen banjur manjing alam lumah. Dene bisane manjing ing alam lumah manawa salin wujud kang manut caraning lumah, tegese : arupa lumah ciut utawa bunderan lembut, dadi wis ora wujud ceceking garis (ora ka-anggep manggon ing garis, nanging manggon ing lumah) (Catetan kaki : Kang nganggep kudu kang maca, dudu si cecek. Mundur, karepe ing kene : menyang mburine kang maca layang iki. Maju, menyang ngarepe kang maca layang iki. Ora liya : rasa lan panganggepe kang maca layang iki, kang ngudi kawruh kasampurnan.).
IX. ALAM LUMAH
Edit : Pujo Prayitno
(Catetan kaki : Lemah iku raen kang rata kaya jrambah utawa banyu kang meneng).
Alam lumah, luwih jembar tinimbang alam garis. Sebab, ing alam lumah ora mung ana ngarep karo mburi bae, uga ana keblat kiwa serta tengen, ananging kiwa lan tengen andadekake luwih dening kober, sebab antarane ngarep lan kiwa, kiwa lan mburi, mburi lan tengen, apadene tengen lan ngarep : Apa ener kang tanpa wates cacahe, mulane umpama bunderan cilik dicegat ngarep mburi utawa kiwa lan tengen, isih oleh panggonan kang kobet.
Nanging, umpama bunderan mau kinubeng ing garis atemu gelang, ora oleh panggonan liyane, marga ing alam lumah ora ana keblat ngisor lan dhuwur. Bundheran mau ora duwe cara metu saka sa-jabane raen, bola-bali mung nurut raen, kaya gambar sorot, kang ana ing geber, tansah dumung ing raene geber, ora bisa metu saka sa-njabaning geber banjur manggon ing jirim. Dene kang lungguh ing alam jirim, yaitu jisim, kayata : Watu, Kayu, banyu, manusa, kewan lan sapanungalane. Mulane bisane manjing ing alam jirim, manawa salin wujud kang manut caraning alam jirim. Tegese : awujud jirim, dadi wis ora wujud bunderan, ora ka-anggep maggon ing raen. Ka-anggep manggon ing jirim. (Catatan kaki : Jisim iku tembung Arab, kang diarani Jisim iku : Watu, kayu, manusa, angin, benyu, daluwang, srengenge, bumi sapanunggalane. Wong Jawa anggone ngarani wujud, dene geni, sorot, ayang-ayangan, keluwung, swara iku kabeh dudu jisim..
Jirim, iya tembung Arab, tegese : klowongan kang di enggoni ing jisim, kaya umpamane dhadhon, iku tansah ngenggoni jirim kang wangune dhadhon sarta gedhene sadhadhone, Ananging yen jirime mung ditegesi klowongan bae : kurang patisis, benere, jisime kudu katut marang tembung jisim, gampange mangkene : saben jisim wis mesthi jirim, nanging ora angger jirim mesthi jisim, awit awang-uwung iku jirim, nanging dudu jisim. Dene watu, iku jirim kang atos, jirim kang atos mau banjur ka-aranan jisim.).
X. ALAM JIRIM
Edit : Pujo Prayitno
Alam jirim luwih jembar tebane katimbang alam lumah, awit ora mung duwe keblat ngarep, mburi, lan kiwa, tengen bae, uga duwe keblat ngisor lan dhuwur, mulane yen jisim kinubengan iang garis temu gelang, isih oleh panggonan kang jembar, awit bisa : munggah mudhun, mengiwa menengen, maju mundur, ngawe mengiwa lan menengen, ngewas mendhuwur lan mengisor : sakarep-karep kayadene aburing laler utawa nglangining iwak.
Ananging, yen jirim iku kabungkus ing barang kang amba lendhuk kaya beruk, utawa kaya pethi, ora oleh panggonan maneh, sebab ing alam jirim iku, sarupane kang lungguh mesthi jisim, dadi kabeh butuh jirim di-enggo manggon, ora ana carane kahanan kang ora manggon utawa ora butuh jirim, kajaba yen bisa manjing ing kajaten. Dene bisane manjing ing kajaten manawa salin kahanan manut caraning kajaten. Tegese,: Ora ngaku wujud jisim, rumasa ngaku kajaten, dadi ora rumangsa manggon ing jirim, malah mengku marang jirime.(Cathetan kaki : Dadi kang nganggep mangkono iku : kajaten, dudu wong Kajaten, iya rasa jatine kang maca layang iki, dudu panganggep kang katindakkake ing angen-angen).
.
XI. ALAM KAJATEN
Edit : Pujo Prayitno
Kajaten iku banget anggone kobet, (membingungkan), ora kena kinira jembaring tebane, kongsi ora kena ginayuh ing budi, ora temu tinemu yen katimbang ing jirim, marga ing kajaten ana keblat maneh sinebut lahir dan batin. Sakehing jirim dumunung ing sisih lahiring kajaten, dene antarane lahir lan batin, iku keblat kang ora kena kinaya ngapa dening manungsa.
Sarehning kajaten iku jumeneng batining jirim utawa awak kang mengku marang jirim, mulane kajaten ora butuh jirim kanggo manggon, malah mengku marang sakehing enggon, kaya pamengkunejisim marang raene, utawa kaya pamengkuning raen marang garise. Dadi umpama kahanan jati digedhong wesi kang rapet kaya cangkok kemiri, isih kobet banget sarta ora dadi sabab apa-apa. Ora dadine sabab mau kayadene jaran kinubengan ing tapaking potelot atemu gelang, sarta tapaking potelot mau ana ing kulite si jaran. (Al-Hallaj).
Kajaten ora nandang (katanggapan) apa-apa, sebab dudu jisimsarta tansah pernah, mala andhoking sakeh pernah.
Kang lungguh ing kajaten, yaiku : ingsun, tegese : pribadi = dhewek = aku, jumeneng jejer sakehe kadadiyan, yaiku kang diakoni dening makhluk se-isining alam kabeh utawa kang andhaku marang sa-isining alam kabeh. Terange yen kasebut ing basa Walanda nganggo tembung : Ikhied = hoolf eigen = hooger Zalf.
Mungguh kahanan kang dudu jirim iku ora pisan-pisan kena kinira-kira dening kahanan kang arupa jirim, awit dudu timbangane, yen meksa kackrabawa kadadeyane banjur kaya watu katandhing karo warna ing raining watu, utawa kaya semeter persegi katadhing karo semeter. Anjaba saka mangkono, kabisaning manungsa iku nganggit ngira nuju marang kahanan kang wujud jirim, sebab rasa pangrasaning manungssa (piranti kang di-enggo nyakrabawa) dudu rasa kang sejati. Yen rahsaning manungsa katandhing lan rasa jati, kadadeyane iya kaya warna ing raen katandhing lan barang gembleng, kang mengku raen mau. Utawa kena kasanepakake ciptaning wayang kang lagi dilakokake ing dhalang; katanding lan ciptaning dhalang kang lagi nglakokake wayang iku. Tumraping dhalang; cipta wayang iku ora ana, mung ciptaning dhalang kang ana : tanpa timbangan. Cekake, bagiyaning manungsa : “Meneng”.
Enenge, kena kaumpamakake : salah sawijining cipta wayang leren, ora kacipta maneh dening dhalang, mulih marang ciptane dhalang. Dadi iya mung “meneng”, Iya iku thok patrape manungssa manjing ing kajaten, sebab manjinge marang kajaten sarana nirmala,. Tegese : Sirna kamanungsane dening kekuwataning pangangep kanthi iktikad yen wujude kang satemene dudu jirim. Sasirnaning kamanungsane banjur kagentenan ing ananing kajaten, ora beda garis manjing ing raen utawa warna manjing ing jirim, mulane patitising tembung, ora ana manjing, cethane : Salin panganggep, salin rasa : saka obah menyang meneng, saka ciptan marang kang nyipta, saka kadadeyan marang kang dadi, saka sulapan marang kasunyatan, utawa saka gorohan marang katajen.
Mulane ora kena ka-anggep manjing, sebab kahanan jati ora kepanjingan (kawoworan), ananging sukci murni tetep langgeng, kaya raen enggone ora kawoworan garis utawa kaya jisim-ing bunglon anggone ora kalong ora wuwuh dening molah malihing aluse.
Sarehning kahanan jati iku dudu jirim, mulane tanpa wewejangan dan wiwijangan. Wewejangan iku tegese : Gedhe cilike, amba ciyute, sedhela lawase, akeh sethithike, sapapadhane. Dene wiwijangan iku panyilah-nyilah, kayata, iki wan, iki pandulu , iki panganda, iki pangrungu, iki urip, kabeh wis jumbuh : iya awak iya pandulu, iya pangganda, iya pangrungu, iya urip sabanjure. (Catetan : Kahana kang jumbuh iku ing basa Arab kasebut nganggo tembung : “Hu”. Karepe iya iku kahanan jati, iya “Hu” rasa jati, iya “Hu” urip sejati, iya “Hu” pandulu kang sejti, sapiturute. Kang mangkono mau maksude : ngesti sawiji ora nganggo nyilah-nyilah). Lan uga ora ana panyilah-nyilah mangkene : iki, iku, ika. Biyen, saiki, besuk, kene, kono, kana. Kowe, aku, dheweke. Dhuwur, tengah, ngisor. (Catetan : Kang tumrap ing kajaten mung : iki, saiki, kene, aku, tengah, nanging rasane ora padha karo kang tumrap ing alam jirim).
Sarehne dudu jirim mulane tanpa lor kodul, ngisor dhuwur , wetan kulon, ngarep mburi apadene kiwa tengen. Keblating katajen mung lahir lan batin. Pribadi kang nglungguhi kajaten jumeneng poking batin, tegese : ing pungkas-pungkasaning keblat kang enere saka lahir marang batin (puling batin). Saka ing pribadi kabeh keblat enere marang lahir. (Prakara iki kena kaumpamakake : saka ing pul lor kabeh keblat enere mengidul, tanpa wetan kulon) (Catetan : Kabeh kang kasebut iku panjupuking pathokan mung saka : rasa, ora kena diterangake. Saksine mung kang tunggal rasa).
Keblating jirim (lor, kidul, wetan, kulon, ngisor, dhuwur, kiwa, tengen, ngarep, mburi), kabeh dumunung ing sisih lahiring pribadi, kaya wetan kulon anggone dumunung ing sisih kiduling pul lor. Catetan : Pul lor : Kutub Utara (takokna marang kang sumurup kawruh falak). Awit, kang aran jirim iku sajatine mung raening kajaten.
Sarehning dudu jisim, luput ing rusak, sarehning tanpa prabot, mulane luput ing sayah, lali, bingung, sapapadhane. Sarehning tanpa nafsu, mulane luput ing bungah susah, dhemen, gething, bosen sapanunggalane. Sarehning tanpa wiwijangan, dadi tanpa perangan lan tanpa wilangan. Tembung tanpa wilangan iku tegese : Ora ana cacahe. Lire mangkene : Sanajan luput banget umpama diarani akeh, ewadene ora perlu diarani naganggo tembung : siji, awit siji iku uga wilangan, siji lan akeh, karopisan dadi aneh tumrap ing kahanan jati, awit rasaning tembung siji iku anjaluk tatandingan, yaiku loro, telu sabanjure. (Anane siji marga ana loro telu). Iya bener sok disebut siji, nanging tembung siji kang tumrap ing kahanan jati ora nunggal surasa karo kang tumrap ing tetembungan : jaran siji, jeruk siji. Murih terange, anggone nembungake mangkene : “Ora ana apa-apa kajaba mung : Pribadi.”
Bobote wis kasebut mangkono, surasaning tetembunngan : “Ora ana apa-apa kajaba mung “ – senajan tumraping alam jirim ora aneh, ewadene tumrape ing kahanan jati : iya aneh. Anehe dene andadak dibicara nganggo “ ora ana apa-apa kajaba mung ....” sebabe apa? Iku larase kaya wong celathu : banyu iku ora ana kang dudu banyu, utawa : jagad sa jaga kabeh iya jagad. (Catetan : Kajaten sok uga digunem, mesthi lupute, awit gunem iku sajatine nuduhake katliwaning engetan utawa kalimputing rasane kang anggunem, kang banjur dipadoni dhewe nganggo guneme iku – nanging kang ora anggunem, durung mesthi yen ora kalimput, malah kang akeh luwih kalimput katimbang kang anggunem).
Sarehning ora ana wiwijangan lan wilangan, surasaning tembung Gusti lan kawula tumiba ing kahanan jati uga dadi aneh. Anehe dene ana titimbangan, yaiku kawula ditimbang karo Gusti, temahan kaya jaran ditimbang karo pancal, utawa gelang katanding karo emas kang dadi gelang iku. Pancal iku ulesing jaran, dudu mesthine katandhingake karo kang duwe ules, sebab ules iku ing atasing jirim : dudu wujud. Gelang iku kadadiyaning emas, kadadiyan iku ing atase sing dadi : dudu wujud. (Catetan : Wujud, iku tembung Arab, tegese ana. Dudu wujud, tegese ora ana jisime.)
Rasa rasaning manungsa ing alam jirim (kahanan kang ora temen) bisane luluh ing rasa kang sejati (rasaning kahanan kang temen ) manawa nglalekake ( ora nganggep wujud) marang jirim, jisim lan sarupane kang aneh tumraping kajaten : ing sajroning eneng, arane : cengeng.
Luluhing rasa kamanungsan marang rasa kang sejati kaya sirnaning raen kaling-kalingan jisim kang mengku raen iku, kaya sirnaning gelang kaling-kalingan emas kang dadi gelang iku, kaya sirnaning tulis kaling-kalingan mangsi kang mujudake tulisan iku, utawa kaya sirnaning ciptane wayang kang lagi linakokake ing dhalang : kaling-kalingan ciptaning dhalang kang lagi nglakokake wayang iku, utawa maneh kaya dhapuring gambar kang lagi diwangun, sirna marang ciptaning wong kang lagi mangun dhapur ing gambar iku.
oooOOOooo
Tatadhinganing garis karo raen, raen karo jisim, apadene jisim karo kajaten, murih terange kapratelakake nganggo patrap kaya ing angka ngisor iki :
a = b = c 1 nganti tumeka 8
(Catetean : Larasing ukara a padha lan ing ukara b tuwinc. Yen mangerti mrang surasaning ukara a lan b sarta eling marang etraping tembungane, tartampu bisa anggapi surasaning ukara c.)
1.
a. Ora ana garis madeg dhewek mesthi gumantung marang ananing raen.
b. Ora ana ren madeg dhewem mesthi gumantung marang ananing jirim
c. Ora ana jirim madeg dhewem mesthi gumantung marang ananing kajaten.
2.
a. Ora ana garis kang ora dumunung ing raen, lan ora ana raen atinggal garis, karone tetep tinetepan.
b. Ora ana raen kang ora dumunung ing jirim, lan ora ana jirim atinggal raen, karone tetp tinetepan.
c. Ora ana jirim kang ora dumunung ing kajaten lan ora ana kajaten atinggal jirim, karone tetep tinetepan.
3.
a. Garis iku dudu raen, nanging garis mujudake sisipataning raen, kayata : persegi, bunder, lonjong.
b. Raen iku dudu jirim, nanging raen mujudake sisipataning jirim, kayata : abang, putih, bunder memet, gilig.
c. Jirim iku dudu kajaten, nanging jirim mujudake sisipataning kajaten, kayata : Srengenge, manungsa, wit, sir, pikir, nur.
4.
a. Ora pelu nakokake sisipataning raen sok uga kawruhan garise, awit sisipataning raen wis ana ing garise.
b. Ora perlu nakokake sisipataning jirim, sok uga kawruhan raene, awit sisipataning jirim wis ana ing raene.
c. Ora perlu nakokake sisipataning kajaten, sok uga kawruhan jirime , awit sisipataning kajaten ana ing jirime.
5.
a. Garis iku marakake raen duwe sipat pesagi, maju telu utawa bunder. Samono uga raen iku dudu garise, dudu pesagine, dudu maju telune lan dudu bundere. Lah kang endi ta kang jeneng raen? Patrape mratelakake ora kena mung dituding nganggo pucuking pen, kudu digrayang nganggo epek-epek, awit pucuking pen mung bisa nuduhake garis.
b. raen iku marakake jirim duwe sipat bunder memet, giling, abang, ijo utawa putih. Samonouga jirim iku dudu raene, dudu bunder memete, dudu gilige, lan dudu abang ijone, lah kang endi ta kang jeneng jirim? Patrape mratelakake ora kena mung digrayangi nganggo epek-epek, kudu dirasa nganggo pikiran, awit epek-epek iku mung bisa nuduhake raen.
c, Jirim iku marakake kajaten kagungan sipat urip, mobah mosik, ngayu, matu, anjanma, nyrengenge. Semono uga kajaten iku dudu jirime, dudu uripe, dudu mobah mosike, dudu kayune, watune, jalmane utawa srengengene. Lah kang endi ta kang jeneng kajaten ?Patrape nyatakake ora kena mung nganggo pikiran, kudu nganggo rasa kang sejati, awit pikiran iku mung bisa nyatakake jirim.
6.
a. Dununge bunderan iku ing raen, ora ing garis, malah si garis kang dumunung ing bunderan.
b. Dununge jisim iku ing jirim, ora ing raen, malah si raen kang dumunung ing jisim.
c. Dununge pribadi iku ing kajaten, ora ing jirim, malah jirim kang dumunung ing pribadi.
7.
a. Sipating raen, yaiiku : pesagi, bunder, maju telu sapanunggalane, kapasrahake ing garise. Arane sipat mau : wangun.
b. Sipating jirim, yaiku : abang, ireng, ijo sapanunggalane, kapasrahake ing raene. Arane sipat mau : warna.
c. Sipating kajaten, yaiku : Kayu, watu, manungssa, jim, angin, srengenge, cipta sapanunggalane, kapasrahake ing jirime. Araning sipat mau : jisim.
8.
a. Wangun : iku dudu wujud tumraping raen, mung sipating raen bae.
b. Warna : iku dudu wujud tmraping jirim, mung sipating jirim.
c. Jirim iku dudu wujud tumraping kajaten, mung sipating kajaten.
9.
a. Kahananing garis (bunder, maju telu) ndadekake sipating raen, tegese : sing bunder utawa maju telu itu raene.
b. Kahananing raen (abang, ijo) ndadekake sipating jirim, tegese : sing abang- sing ijo iku jirime.
c. Kahananing jirim (kayu, watu, janma, rembulan) ndadekake sipating kejaten. Tegese : sing ngayu, sing matu, sing njalma lan ngrembulan iku jatine. Catetan : Kayune, watune, janmane, rembulane, sapanunggalane ing basa Arab diarani sipat wujudiyah. Dene pangayune, pamatune, panjanmane, pengrembulane sapanunggalane karanan sipat maknawiyah. Sipat maknawiyah mujudake sipat wujudiyah kayata : kahunuhumuridan (ananing Allah karsa) nganakake sipat kang aran iradat (karsa) ka-aranan iradat yaiku mobah mosiking makhluk, kang aran makhluk iya kahananing jirim, yaiku jisim utawa sipating kajaten (sipat anyar).
10.
a. Bunder, maju telu, iku sipating raen, katon ana ing garise.
b. Abang, ijo, iku sipating jirim, katon ana ing raene
c. Manungsa, rembulan, pancadriya, nur, budi, iku sipating kajaten, katon ana ing jirime. (Catetan : Jirim kang tanpa wates gedhene, kang ngamot sakehing jisim adalah kang kothong, sok kasebut gunung : Cakrawala . Iku minangka raening kajaten, gumantung ing kajaten, tetep tinetepan, sawernaning jisim ana ing jirim mau minangka wawarnan kang ana ing raen,
11.
a. Sisipataning raen ya iku : kahananing garis (anggone manggon, mubeng utawa nekuk) nanging wujuding raen dudu : enggoke, dudu ubenge utawa nekuke, awit kang jeneng raen mono : blegere utawa jengrenge kahananing garis, tegese yaiku kang menggok, mubeng utawa nekuk, dadi : “kang” bae.
b. Sisipataning jirim, yaiku : kahaning raen (enggone abang, ireng utawa putih), nanging wujuding jisim dudu : abange, irenge, utawa putihe, , awit kang jeneng jisim mangkono : glegere utawa jenggrenge kahananing raen, tegese yaiku : kang abang, ireng, utawa putih. Dadi kang-e bae.
c. Sisipataning kajaten, yaiku : kahananing jirim (enggone matu, ngayu, njanma. Mbumi) nanging wujuding kajaten dudu : watune, kayune, utawa bumine. Awit kang jeneng kajaten mangkono : glegere, utawa jengrenge kahananing jirim, tegese yaiku – kang : matu, njanma, utawa mbumi. Dadi “kang: e bae.
D A D I :
12
a. Bundere, pesegine, kawengku ing awake, yaiku : si raen.
b. Abang-abang, ijo-ijo, kawengku ing awake, yaiku : si jirim.
c. Kawaton, kamanungsan, kawengku ing awake, yaiku : Sejati.
TERANGE :
13
a. Bundere, pesagen, ing atasing raen : ora ana. Kang ana mung raen (sisihing jisim) kang ana ing kiwa, tengen, ngarep, mburi, ngisor, dhuwur apadene ing tengahe.
b. Abang-abang, ijo-ijjo, ing atasing jisim : ora ana. Kang ana mung jisim (gemblenge) kang ana ing jirim.
c. Kayu, manungsa, bumi, ing atasing kajaten : Ora ana. Kang ana mung jati (Akhadiyate) kang ngayu, njanma lan mbumi.
oooOOOooo
XII. PRAMANA
Edit : Pujo Prayitno
Rasa-pangrasane wong utawa pancandriya, yaiku : pikiran, nafsu, bunga, susah, lara, kepenak, dhemen, gething, wedi, isin, gatel ........ lan liya-liyane. Iku kabeh rasa kang dudu sajati, kang anyar anane, kang lunga teka sajroning Rasa kang sajati.
Rasaning pancandriya kena kaumpamakake ayang-ayanganing Rasa kang sajati.
Anadene ayang-ayangan mau katon ana ing sipat kang langgeng, kang luwih dening bening lan trawaca, kang kena kaanggep pangiloning kajaten, yaiku asale sakehing rasa anyar utawa uwiting cipta lan rahsa.
Pangilon kajaten mau karanan : Pramana.
Dadi Praman iku pangilon sajati, kang ka-anggo nonton ayang-ayanganing Rasa Jati.
Pramana ka-anggo ing kahanan jati ginawe nyatakake rasa-rasaning makhluk (maya) utawa rasa anyar kang molah malih.
Kahanan jati iku Dat kang asipat Pramana mau.
oooOOOooo
XIII. PANGESTI, Yaiku :
GAWEYAN ING BATIN MANUT PANGANGGEP
Edit : Pujo Prayitno
Lakuning manungsa nyatakake Pramana utawa mulih marang jamaning Pramana, ora liya nyirnakake (nglalekake) rasa anyar saka sethithik kanthi surti. Ing saben dina ka-anggkah sudaning tumangkare, kongsi ing wusanane bisa mulih marang Pramana.
Sarehning wus tetela yen sarupaning kahanan anyar iku wujud geter utawa obah-obahan, dadi sirnane ora ana maneh mung saka “meneng” (mari obah).
Rasa pangrasane manungsa kamot ing Pramana, kaya rurupan lan wawernan kamot ing kaca benggala.
Pramana kumambang ing Pribadi, kaya kumambanging cahya ing kawat kang mencorong, utawa kaya kumambanging cahya lan rasaning kaca : ana ing kacane (gedhahe).
Pribadi (jati) iku gleger utawa gemblenge, enggon kahananing Pramana.
Maligining Pramana, saka lenyeping cipta lan rasa.
Nyataning Pribadi, saka lenyeping Pramana.
Lenyep, gumantung ing : Eneng.
Rumasa, gumantung ing : Kuwating panganggep kanthi iktikad.
Ana, gumantung ing : Pengesthi.
Sirna, gumantung ing : Lali
Ing ngisor iki umpamane : A ---- B ----- C.
UMPAMA A : Raen mengku garis, yen kang kaesthi garise bae, lali marang raene, iku si raen sajroning cipta, kari garise katon ngegla ana ing cipta. Kosokbaline yen kang di-eling-eling raene, ora mikir marang garise, kari raene njenggereng ana ing cipta. Umpama : Raen maju lima, yen kang kaesthi garise , iku sing katon ana ing ciptane mung : ana garis lilima padha gathuk atemu gelang, embuh kapriye raene (sanajan ananing garis gumantung marang ananing raen). Kosokbaline : yen kang di-eling-eling raene, ora mikir marang garise, iku si garis sirna sajroning cipta, dene kang ana ing cipta : Raen kang wangun maju lima. (Sabanjure : awit saka ananing raen maju lima mau, banjur kasumurupan uga yen mengku garis lima, mung bae garis lima ora ka-anggep ana wujude, awit tetela yang garis iku mung sisihing raen bae).
UMPAMA B : Jisim mengku raen, yen kang kacipta mung WARNA kang ana ing raen, iku si jisim sirna ora rinasa, mung abang ijone kang maujud ana ing cipta. Dene yen kang kacipta : JIRIME, ora mikir marang warnane, warna mau ora mujud ana ing cipta. Jisime kang maujud. Umpama : Dhadhon kang belang-belang abang-ireng putih (Catetan : Raene nenem, umpamakna : saben raen beda warnane), iku yen kang pinikir mung warnane bae, ora mikir marang kayune, tartamtu kang katon ing pikir mung : Ana raen abang wangune pesagi, gandheng lan raen ireng uga pesagi, nuli gathuk lan raen putih uga pesagi, sapiturute, siji-sijine dumunung ing panggonane dhewe-dhewe, embuh kepriye wanguning kayune (Sanajan ananing raen gumantung marng ananing kayu).
Kosokbaine yen kang rinasa kayune, ora ngesti marang raene, ing kono kang mungal ana ing cipta : ana kayu siji kang belang belang abang ireng putih (sabanjure : Uga kasumurupan yen mawa raen nenem sarta garis rolas, mung bae raen ora –kaanggep wujud),
UMPAMA C : Jati mengku jisim, yen kang kagatekake jisime bae, ora nglewa marang kajatene (Pribadi) iku kajatene ora ka-anggep ana (ora rumasa yen kumambang utawa gumantung ing Pribadi kang tunggal) mung jirime bae kang mungal ing rasa pangrasa. Dene yen kang ka-estokake PRIBADINE, ora nganggep wujud marang jisim, temahan si jisim lenyep ora karasa ing dalem cipta (lali) kari jatine, (Pribadine) kang nyata ing Rasa Tunggal. Umpama : Jati iku mengku cakrawala sajisime kabeh, bisa ngayu, matu, nyrengenge, nyuta, ngrama, ngwan sapanunggalane sarana jirime, ewasemana yen kang kaesthi jirime bae, amenthi kang rinasa mung : ana awang-uwung isi jisim warna-warna, arupa kayu, watu srengenge, suta, krama, kewan, sapanunggalane, kang padha pisah-pisah, ora nyana yen gumantung marang kahanan sawiji kang langgeng. (Sanajan ananing jirim gumantung marang , ananing kajaten). Sewu ora nyana yen iku mung kadadiyan (daden-daden) kang sawetara mangsa engkas malih utawa ilang. Sayuta ora rumangsa yen kang katon gumelar mau sejatine mung ayang-ayangan sajroning pangilone Pribadi, dadi dhapur korup marang ayang-ayangan sajroning pangilon (Pramana) lali marang pangilone, luwih maneh marang kang ngilo. (Sanajan ananing ayang-ayangan gumantung marang ananing pangilon, sarta ananing pangilon gumantung marang anane Pribadi kang ngilo). Kosokbaline : Yen kang kaesthi Pribadine, yaiku jatine, ing kono salaline, marang wujuding jisim, kari Pramana, yaiku marang pangilon, aran asarira Pramana (Uga banjur kasumurupan yen mengku ayang-ayangan katon gumelar, mung bae ora kaanggep) wujud, awit tetela yen kang katon gumelar ciptaning Pribadi.
oooOOOooo
Nalar ing dhuwur iku murih mundhak terange maneh, kapratelakake mangkene :
Rasa-rasaning kawula utawa maya, yaiku :
1. Weruhing mripat marang rerupan.
2. Krunguning kuping marang skehing swara.
3. Krasaning grana marang sakehing gegandan.
4. Krasaning kulit marang sakehing barang.
5. Krasaning ilat marang sakehing pepanganan.
6. Pangertining pikir marang sakehing kadadiyan.
7. Rasa-rasaning ati marang bungah, susah, lara kapenak, sapanunggalane.
8. Lan liya-liyane kabeh. Wana-warna, akeh.
Wose kabeh mau ka-aranan rasaning wong, yaiku : gambar utawa ayang-ayanganing Rasa kang sejati.
Mulane ana –ayang-ayangan, awit ana pangilon.
Ana manungsa kang rasane korup ing ayang-ayangan, ana kang yakin marang pangilon, dununging sakehing ayang-ayangan.
Jalaran saka weruhing kuping marang swara kaworan krasaning kulit marang barang-barang kaworan maneh kang kasebut mau kabeh --- ing kono manungsa bajur duwe panganggep (Pangandel) yen : “Donya iku ana.
Anane donya sebab aku nganggep ana.
Anane donya gumantung marang anane kita (kang maca layang ini). Terange : Ananing Alam, gumantung marang anane kita (kang maca layang iki). Terange : Ananing Alam gumantung marang rasa-rasane kang maca layang iki (muga den raksakna).
Denen ananing rasa kang maca layang iki gumantung marang ananing “Rasa Jati iya Pribadi kang Tunggal.”
Dadi sajatine : Ananing alam donya iku ora kanggo pratandha yen donya iku ana. Mangkono maneh : Ananing rasane kang maca layang iki, iya ora kanggo tandha yen kang maca layang iki ana, Sebab :
Bener-benere : Ananing rasa-rasane kang maca layang iki dalah ananing donya – iku kanggo tandha yen : “Pangeran ana iya Ingsun Pribadi kang Ana.”
Dadi kang diprandani anane utawa kang disekseni ing anane iku sejatine dudu kita (wong kang maca layang iki) lan dudu donya sabenere : “Ananing Pangeran Kang Sampurna, Dzat kang langgeng anane yaiku : Jatine kang maca iki. Dadi jagad iku mung saksi bae.
Ananging – sanajan benere mangkono – yen kita mung tansah ngandel utawa kabanjur-banjur ngengkoki marang ananing dhiri lan donya bae, mesthi dadi ora ana kahanan kang sajati, katarik anggep kita dhewe, temah mung rasa-rasaning dhiri kang ana, jibles kaya ora ananing jirim sebab mung di-elingi warnane bae.
Kosokbaline : Manawa kita ngegungake panganggep utawa pangandel marang INGSUN, kongsi kukuwataning panganggep lan iktikad ngalahake dayaning rahsaning kawula (maya) sarta rumasa marang asor lan gorohing wonge, iku kita banjur rumasa yen sajatine manungsa kang sarira Bathara utawa Pramana.
Wasana Sang sarira Pramana isih wenang nggayuh kasampurnan. Manawa pangesthine marang kajaten nyirnakake pangilon, kari kajaten kang ana, yaiku pribadi kang ngilo, kang mengku marang sakehing jirim lan nganggep marang Pramana : Sipat kang sajati. Ing kono ora samar marang pangilon dalah ayang-ayangane kabeh.
oooOOOooo
Prakara ing dhuwur iku aja keliru tampa maneh : Ka-anggep wong bisa nyatakake kajaten. Iya panganggep mangkono iku kang marakake kandeg ana ing jirim, jer nganakake kahanan kang ora sejati.
Ora ana manungsa bisa nyatakake kajaten, yektine kang nyatakake kajaten iya kajaten. Mung prabawane bae kang mahanai BUDIDAYANING manungsa. (Catetan : Kang aran ihtiar (budidaya) iku sejatine uga takdir, sebab ananing ikhtiar gumantung ing takdir, dadi lakune marani takdir. Kang mangkono iku yen kang kaesthi ikhtiare, takdir iku ora ana, yen kang kaesthi takdire, ikhtiar iku ora ana. Manungsa kudu ikhtiar, nanging nganggepa : takdir kang ana. Utawa nganggepa ananing takdir, nanging aja banjur ora ikhtiar. Wong nganggep ananing takdir kang banjur ora ikhtiar, utawa ikhtiar kang banjur ora nganggep ananing takdir, karo-karone padha kelirune.)
Kang aran wong iku sanyatane ora ana. Kang apeparab si Suta si Naya : iya mung pangaran-aran bae. Sarehning ora ana, apabisa mobah mosik. Wis mesthi sing nganakake obah sarta osik mau : sing temen anane, dudu : sing sejatine ora ana.
Sumuruping rasa jati saka sirna panganggepe marang ananing dhirine, kongsi karekating batin nunggal tanpa sinedya.
XIV. BAB NERANGAKE UKURAN KANG KAPING PAT
Edit : Pujo Prayitno
Ing ngarep kapretalakake, yen kajaten katandhing lan jirim papadhane : jirim katandhing lan rae, utawa : raen katandhing lan garis.
Uga kapretelakake, yen kajaten kena di-iseni jirim kang tanpa wilangan kehe kang padha panjing pinanjing dadi sa-enggon-enggon sarta ora agawe sesaking kajaten. Olehe ora sesak iku kaya dene ora sesake si jirim manawa kaisenan raen tanpa wilangan. (mara elinga : buku kang kandel, iku jirim kang isi raen tanpa wilangan. Wujuding raen yaiku kaca-kacane. Buku kang kandele 2 cm, kacane ora kurang saka 200, mangka deluwange isih duwew kandel. Umpama wong bisa nyigar-nyigar deluwange kongsi satipis-tipise, tartamtu kahing raene ora kena diitung. Iku durung ngetung maneh kahing raen kang nurut kandeling buku, kang malang, kang mujur, kang ngadeg, apadene kang mayat).
Iku mau dadi pepindhan ing bab ora sesake kahanan jati kaisenan jirim tanpa wilangan kang padha panjing pinanjing dadi sa-enggon. Kaya umpamane jiriming manungsa, kalane lagi dirasa nganggo pikiran, kaya-kaya mung wujud barang wadhag thok, sebab ing njerone buntet. Ananging sabenere ana jisim latif kang awor lan jisim wadhag iku, nanging ora gepokan. Kang kasar ora ngewuh-ewuhi kang alus. Kang alus ora ngewuh-ewuhi kang kasar. Jisim latif mau ora mung siji, kehe tanpa wilangan, awit ana kang rada alus, ana kang alus, ana kang alus banget, ana kang luwih saka alus banget. Kajaba iku, malah akeh kang padha aluse, ewadene meksa ora gepokan, dening seje-seje dayane.
Kang ana angen-angen, nafsu, budi, sir, rahsa sapanunggalane : kabeh dayaning jisim latif. (Manungsa mung ngrasakake dayane bae, yaiku anggone bisa mikir, ngrasa bungah susah, nepsu, welas, giris, lara, kepenak, duwe karep, anggraita sapanunggalane, ananging ora weruh marang wujude jisim latif, manawa durung sarira bathara).
Mulane rasa pangrasane manungsa tanpa wilangan cacahe. Ora liya iya saka dayaning jisim-jisim latif kang warna-warna dayane.
Siji-sijine jisim padha duwe alam dhewe-dhewe, sarta siji-sijining alame ora gepokan. (Catetan : Alam donya iki wujud jirim kang tanpa wates gedhene, ka-aranan awang-uwung utawa cakrawala. Kajaba alam donya, ana alam ke-alusan pirang-pirang, siji-sijining alam awujud jirim kang tanpa wates gedhene (awang uwung isine). Alam-alam mau siji lan sijine ora gepokan, sebab siji-sijining alam padha kumambang ing kajaten, kaya dene kaca-kacaning buku manggon ing buku, dadi ora alam manggon ing alam. Anadene tulisan kang ana ing kaca-kacaning buku, iku dadi pipindhan isining alam).
Olehe ora gepokan jisim-jisim mau, kaya dene ora gepokane raen-raen kang dumunung ing jirim. Terange : jirim-jirim mau ora gegandhengan, padha urip dhewe-dhewe ana ing kajaten, awit padha kumambang dhewe-dhewe ana ing kajaten, kayadene kaca-kacaning buku padha manggon dhewe-dhewe ana ing buku, dadi ora kaca manggon ana ing kaca.
oooOOOooo
Awit saka dhuwure nalar kang kapretalakake iku, ora kena yen mung rinasa nganggo pikiran. Dadi ora cukup yen mung gnagas-gagas utawa kinira-kira, jer dudu benere dirasa nganggo rasa kang ora sejati (maya), kaya kang wus kapratelakake ing ngarep. Sarehning kahanan jati iku awak kang mengku marang ananing jirim kang tanpa wilangan cacahe, kang panjing pinanjing dadi saenggon-enggon, mangka siji-sijining jirim kena ka-ukur nganggo ukuran M3. Dadi ukuran kang kanggo ngukur kobeting kajaten iku dudu M3 Kena ka-aranan : ukuran kang kaping pat.
Tetelane tembung ukuran kang kaping pat, mangkene :
1. Meter (M), elo sabangsane, arane ukuran lajuran, gunane kanggo ngukur dawane garis, kasebut ukuran kang kapisan.
2. Meter pesegi (M2), Hektar sabangsane, arane ukuran jembar, gunane kanggo ngukur jembaring raen, kasebut ukuran kang kapindho.
3. Meter Kubik (M3), liter sabangssane, arane ukuran isi, gunane kanggo ngukur gedhe cilikign jirim, kasebut ukuran kang kaping telu.
Dene kajaten, ora kena ka-ukur nanggo ukuran telung warna iku, awit dudu jirim, amalh kang didunungi ing jirim, dadi kang di enggo ngukur yaiku ukuran ukuran kang kaping pat (vieder dimentie). Yaiku ukuran kang di-enggo ngukur kobete utawa tebane kajaten.
Ukuran kang kaping pat iku. Umpama lumrahe, panulise nganggo aksana M4. Keterangane maneh :
1. Ukuran antaraning ngarep lan mburine kang maca layang iki arane : ukuran garis, kasebut ukuran sapisan, yaiku : M1.
2. Ukuraning garis saka ngarep menyang mburi mau katangkarake karo : ukuraning garis antaraning kiwa lan tengen, ketemu ukuran raen, kasebut ukuran kapindho, yaiku M2.
3. Ukuraning raen mau katangkarake maneh karu ukuran antaraning ngisor lan dhuwur, banjur katemu ukuraning jirim, kasebut ukuran kaping telu, yaiku M3.
4. Ukuran Jirim iku mau katangkarake maneh karo ukuran antaraning lahir lan batine kang maca layang iki. Katemune ukuran kobeting kajaten kang maca layang iki, kasebut ukuran kang kaping pat, yaiku : M4.
ANANING ALAM-ALAM LAM KAHLUK MANEKA WARNA
Sarupaning jirim, kang kasar lan kang alus, kabeh ciptaning Pangeran.
Ujar iku tegese : Yen kahanan jati ora nyipta dadi marang bumi, langit, lintang, rembulan, jim, peri, sapanunggalane, mangsa anoa mau kabeh. Yen isih kacipta, isih dadi. Mari kacipta, mari ana. Roh utawa nyawaning manungsa pirang-pirang jinis, akg mahanani rasa pangrasa warna-warna, kabeh iku ciptan, kang kumambang ing rasa kang sajati, kaya kumambange warna ana ing raening jisim, utawa kaya gambar ing pangangen-angen kumambang ing angen-angen.
Pangeran iku pribadine (anane = glegere = gemblenge = jejere = awake == akhadiyate) kahanan kang wujud ciptan, kang kumambang mau kabeh.
Tumraping Pangeran, kabeh mau dudu wujud. Manawa ciptan mau kasirep ing Pangeran, kabeh sirna. Panyirepe kena kaumpamakake : ngedhepake gambar ing pangangen-angen (Yen wong kelingan rupane barang, umpama : kembang, ing pangangen-angene kaya ana gambar kembang, iku den arani : gambar pangangen-angen) utawa kaya bunglon ngilangi warna kuning kang ana ing jisime (badane), kasalinan warna ijo utawa warna abang.
Sarehne adege manungsa (dhiri) iku mengku jisim latif pirang-pirang warna, kang padha duwe daya dhewe-dhewe sarta padha nglungguhi alam dhewe-dhwe, mulane manungsa bisa manjing ing alam rupa-rupa. (Jisim kang nunggal daya : nunggal alam, Dadi alam iku sejatine daya tunggal) Kang endi kang gedhe dayane : iku kang ngorupi, tegese : kuwasa ngajak roh-roh iiyane marang alame. (Sajatine ngaling alingi bae). Kang endi akng sathithik dayane, korup, yaiku ora dianggep ana (kaling-kalingan). Terange mangkene : Sawijining manungsa manwa kang gedhe dayaning nafsu amarah, iku gampang bisane kalebu ing alaming anfsu amarah, banjur daya-dinayan (weruh wineruhan) karo sarupaning makhluk kang pada korup ing nafsu amarah. Roh liyane uga dirasakake dayane, nanging ora disengguh ana jisime, mung jisiming nafsu amarah kang dianggep ana. Manawa manungsa kang gedhe dayaning pikirane, gampang bisane manjing ing alam pikiran, banjur daya-dinayan karo makhluk kang nganggo badan pikiran. Roh liya-liyane isih karasakake dayane, nanging ora ka-anggep maujud. Mung jisiming pikir kang di anggep maujud. Yen kang gedhe dayaning budine, enggal bisane menyang alam budi, sapiturute.
Sarehning mangkono, wataking makhluk duwe penganggep : “Mung alam siji kang ana” yaiku alaming badan kang gedhe dhewe dayane. Badan liya-liyane kang kalah daya : kelimput, lire yaiku : Badan kang ora dinulu cetha ing saben dina ora disengguh ana wujude lan ana alame.
Mungrasane bae, kang dirasakake, nanging ananing rasane ora di-anggep pratanda yen ana jirime. Tumrape manungsa kang urip ing alam donya, mung badan wadhag kang dianggep ana, mangkono uga bab alam, iya mung alam donya thok kang di-anggep ana. Akeh abe wong kang ora percaya yen ana badan alus alam alus. Kajaba iku akeh wong keliru surup : disengguh rasa pangrasane warna-warna kang molah-malih saben dina iku tuwuh saka badan kasar, dadi ora dirasa yen adeging dhirine kadadeyan saka jisim latif kang warna-warna dayane.
Murih gampange nalar iki : Umpamakna raaning kuwih mari, ora disengguh asine saka uyah, legine saka gula, gurihe saka puhan, sabanjure : Kabeh mung dianggep saka . Marine bae (Kang aran rasaning mari (rasa anyar kadeyan saka woring rasa warna-warna kang wus gulet dadi siji, iku pipindhan rasaning dhiri (wong) yaiku rasaning pancandriya. Dadi : rasa dhiri iku RASA ANYAR uawa RASA DADEN-DADEN, kang maune ora ana dadi ana, sarta bakale ora ana maneh).
Mangka sabenere siji-sijine jisim latif mung saprakara daya rasane, lan panggah ora owah-owah, unpama : jisim kang watak welas asih, salawas-lawase iya tansah ngajak welas asih. Jisim kang ngajak marang kadrengken lan pasaten iya panggah enggone drengki lan panasten. Jisim kang nuwuhake jubriyah lan adigung, salawase tansah ngajak jubriyah lan adigung. Jisim kang ngajak padhang lan bener : salawase iya ngajak padhang lan bener. Jisim kang watak tresna bekti ing Gusti, salawase iya ngajak tresna lan bekti ing Gusti. Jisim kang dayane peteng, bodho lan weya : salawase iya ngajak peteng, bodho lan weya. Jisim kang ngajak marang turu, sahwat lan kesed, salawase ngjak mangkono.
Dadi molah-malihing rasa pangrasaning wong ing saben dina iku jalaran saka timbul keleming jisim kang warna-warna mau, katarik saka dayaning alam lan saka dayane dhewe. Molah-malihing watake manungsa iya saka suda wuwuhing dayane jisim kang warna-warna mau.
Sudane dayaning jisim kang asor ndadekake wuwuhing dayane jisim kang luhur dening tanpa rubeda, utawa wuwuhing dayane jisim kang luhur nyunyuda dayaning jisim kang asor dening kendhih utawa kesuk, banjur diarani : wonge mundhak becik watake.
Jisim kang kerep timbul, sarta kerep ka-empakake dayane, lawas-lawas dadi kuwat utawa gedhe dayane, sangsaya gedhe dayane sangsaya kuwasa ngilmputi liya-liyane. Kosokbaline : kang arang timbul utawa arang di-empakake dayane, saya lawas saya seuda dayane. Yen ora tau babarpisan ka-empakake, lawas-laws mati (sirna).
oooOOOooo
Kang kasebut ing dhuwur mau dadi katerangan bab ananing makhluk kang beda-beda badane, dhewe-dhewe alame sarta tnddha-tundha martabate. Ana kang sinebut : Hyang Latawalhujwa, Hyang Nurcahya, Hyang Nur-rasa, Bathara Guru, Bathara Endra, Jin, Peri, Manungsa, Kewan, Gandarwo, brekasakan, lan lya-liyane.
(Pamrayoga : ananing makhluk rpa-rupa mau becik dilalekake bae, aja dianggep ana, awit adhakane keliru surup, luput ing panyakrabawane. Kajaba iku, kabeh mau tumraping kajaten dudu wujud, mung wujudan utawa kadadiyan. Pikiring manungsa becik kang ora pracaya marang kahanan kang ora sajati, murih aja kongsi dadi gagasan).
Saiki tetela : Kang aran kahanan jati iku kahanane dhewe kang sabener-benere.
oooOOOooo
Manungsa sadurunge nggayuh kasampurnan, wajibe anggayuh kawicaksanan lan kasukcen, patrape : Ngurip-urip dayaning budi sarta marang dayaning nafsu kang ala (Elinge : Urip iku saka kereping empan, lemper utawa kendho saka kuranging empan, matine : saka ora tau di-empakake dayane). Saben ana kakarepan kang tuwuh, kudu weweka sarana karasakake : Apa saka dayaning budi apa saka dayaning nafsu. Yen saka dayaning nafsu , kabataha dhewe. Yen tuwuh saka ing budi, sanadyan badan liyane lumuh, kudu dipeksa. Yen bisa mangkono, budi kang gedhe dayane.
Angen-angen kang mengkoni karem, manuta pituduh ing budi enggone ngereh nafsu. Aja kalah karo nafsu.
ANCER-ANCER 27 WARNA 1 NGANTI TUMEKA 27
Edit : Pujo Prayitno
1.
Ora ana apa-apa kajaba mung dhewek kanthi rasa. (rasa iku tanpa wates wilangan lan wiwijangan, dene dhewek : sawiji tetep langgeng). Ing dhuwur iku maksuding lapal : La ila ha illa Allah, Muhammad al-Rasulullah.
2.
Yen si Dhadhap di-duuk, mung si Dhadhap dhewe kang krasa, si Waru si Suta ora melu krasa, sapiturute. Nanging kang mangkono mau aja ndadekake panganggep marang ananing pribadi loro telu. Umpamakna : yen sawijining wong didumuk drijine, iya mung drijine kang krasa, peranganing badan liyane ora melu krasa. Yen kang kadumuk mripat, iya mung mripat kang krasa, sapiturute. Wasana sarehning si Dhadhap mengku rasa akeh sarta wijang-wijang, apa banjur ka-aranan si Dhadhap mengku rasa akeh. Rak ora. Kang mangkono mau dadiya pipindhan surasaning ancer-ancer (1) mau.
3.
Si Suta dudu si Naya, Si Naya dudu si Krama. Rasaning si Suta dudu rasane si Naya. Rasane Naya dudu rasane Krama. Ringkese : dhewe-dhewe, marga rasa siji lan sijine padha pisah-pisah. Nanging : sanajan rasa mau pisah-pisah, kabeh rasane dhewe (pribadi – aku). Dhasar pribadi iku apengrasa Suta sarta apengrasa Naya tuwin apengrasa Krama. Sanepane : wong siji apngerasa sirah, apngerasa tangan, apnegrasa ilat sapiturute. Rasakna kang memet.
4.
Manungsa iku padha nunggal kahanan jati kang jumeneng pribadi, mung rasa pangrasane kang padha pisah-pisah. Dadi : nunggal kang mengku, nanging kang kawengku padha pisah-pisah. Sarehning kang kawengku mau sajatine ora ana, dadi yen kang kasthi mung sing mengku, dhirine sirna. Mung kang mengku kang ana. Dene yen kang kaesti dhirine, kelangan kang mengku, nanging sejatine tetela, yaiku kang aran sulap.
5.
Kang kasebut nganggo tembung ingsun, pribadi, dhewek utawa aku, yaiku kang mengku marang sakehing rasa prangrasa, yaiku kang aran Dat Wajibul Wujud, yaiku kang ora arah ora enggon, saben enggon ka-enggonan, iya ingkang lembut ora KENA JINUMPUT, NANGING gedhene ngebaki jagad. Yaiku kang ora kena kinayangapa. Yaiku kang langgeng ora wiwitan ora wekasan. Yaiku kang bobote kaukur nganggo ukuran kang kaping pat. Ya iku kang aran kahanan jati. Ya iku kang tanpa warna tanpa rupa, nanging sakehing warna rupa-rupa iku rupane. Ya iku kang ditresnani dhewe dening sarupaning makhluk. Ya iku kang tanpa timbangan ora ana kang nyekuthoni. Ya iku kang binasakake kombang mangajabing tawang sepi. Ya iku kang among jiwa. Ya iku kang aran jatiningrat. Ya iku kang dumunung ing poking batin, mengku marang batine makhluk kabeh. Ya iku kang mangerani ing alam kabeh. Ya iku kang ora kajaba ora kajero. Ya iku tengahing arah. Ya iku kang sipat rong puluh. Ya iku kang nguripi siji-sijining nyawa kang ana ing badan.
Awit saka iku, aja pepeka lan gumampang marang kang kok arani nganggo tembung aku utawa dhewek. Yen kliru, kok arani pribadi ---- iku diri.
6.
Yen ana pitakon : Pribadi iku wujud apa ora. Wangsulane mangkene : Kabeh-kabeh ora wujud, mung pribadi kang wujud.
7.
Panyana kang durun sumurp, kang sok disebut nganggo tembung aku iku awujud jirim (uwong) sarta sajagad mung ana siji, yaiku wong kang nyana mau. (Catetan : kaya kang gmaca layang iki) Dene wong liyane, senajan yen ngarani awake nganggo tembung aku, sarta kabeh padha duwe rasa pangrasa, nanging kabeh ora di-anggep pribadi (aku). Senajan Gusti Allah uga ka-anggep dudu pribadi. (Dadi Allah iku di-anggep ewoning tangga).
Kag kinira kahanan jati dening kang durung sumurup; ya iku bumi, langit srengenge, rembulan, manungssa, tetuwuhan liya-liyane kang gumelar kabeh. Prakara mati, lebur utawa malih : Mung di-anggep wis mesthina mangkono, ora marakake tuwuh panggraitane yen kang gumelar iku dudu kahanan jati. Senajan disemurupake yen Pangeran iku tetep langgeng sarta kang anitahake kahanan kabeh, ewadene panampaning atine meksa ka-anggep bangsane jirim kang manggon, sarta miji anane kaya dene manungsa, mung kaceke ing donya kee oara ana kang mirib ig kaluhura-Ne. Panganggep kang mangkono becik di owahi.
8.
Sing sapa nggayuh kawakithan utaa kaluwihan, mangka ing batin dhemen marang papandhingan diri, dening enggone waskitha utawa duwe kaluwihan, sanajan tetese, iya isih dadi titimbanganing dhiri, marga ke-elingan pribadine, dening korup ing dhirine. Kang mangkono mau awit mung angesti marang adeging dhiri, ora ngesti kang jumeneng pribadi. Samangsa ngesti jumenenging pribadi, mangsa gelema ngengkoki marang sawijining dhiri, awit pribadi iku jatine sakehing dhiri, ora nganggo pilih kasih, marga tanpa timbangan, dadi lupute ora ngengkoki sapa-sapa, iya ngengkoki sakehing diri. Dene yen ora ngengkoki sapa-sapa, utawa ngengkoki sakehing dhiri, wis mesthi banjur sirna watake ing bab papandhingan dhiri, kang kalawan ora sinedya.
9.
Sarupaning makhluk iku satemene padha ngluhurake pribadi kang mengku marang rasa pangrasane. Iya pribadi iku kang disenengi dhewe dening sarupaning makhluk, ditresnani dhewe lan dilabuhi dhewe. Ananging ssarehning makhluk iku ora awas marang pribadine, wekasan keliru ing panganggep, yaiku : dhiri disengguh pribadi (kang dianggep pribadi mau dhirine). Mulane kaya mangkono, awit mbedakake dhiri karo pribadi iku pancen angel.
10.
Aku ana ing sanjeroning badanku, iku keliru, benere : badanku ana ing aku.
Aku ana ing swarga utawa naraka, iku keliru, benere : swarga utawa naraka ana ing aku.
Aku manggon ing jagad pepitu, iku keliru, benere : jagad pepitu ana ing aku.
11.
Kang aran aku iku dudu badan dudu rasa, dudu angen-angen, dudu budi, dudu nyawa. Badan, rasa, angen-angen, budi, nyawa, iku kabeh jirim, kang kawengku ing aku, dene aku iku wengkune.
Sarehning rasa-rasane manungsa ora kena kanggo nyatakake wengku mau, mula wajibing nyawa-nyawa mung sumungkem, gumulung tumuju marang oking batin. Sakehing rasa pangrasa kudu ssa-iyeg, gumeleng nunu marang batin, mung mangkono wajibing nyawa.
Kalane nyawa lagi lumaku saka lair marang batin, ora kena ora : rasa kang sumebar sangsaya kukud, sangsaya santosa, sangsaya akeh kang kukud. Lire : sangsaya ngedohi keblat lair, nyedhaki batin. Bisane santosa (kuwat) ora liya saka kerep ka-empakake dayane ginawe lumaku saka lair marang batin (samadi – tafakkur).
Lakuning nyawa saka lair marang batin mau manawa lestari, saya suwe saya mayar, ora rekasa, awit kapitulungan ing dayaning kajaten (jinurung ing pribadi). Wekas-wekasane : nyaa ora migunakake dayane babarpisan, mung maligi dayaning kajaten, yaiku kang diarani : Cengeng.
12.
Nalika rasa pangrasa durung nirmala, iya rasa pangrasa iku kang disengguh pribadi dening si rasa pangrasa. Tegese si rasa-pangrasa ngaku-aku supaya di-anggepa : aku. Dadi rasa-pangrasane manungsa iku tetela pancen ora bisa weruh marang kang mengku. Enggone ngrasa tumibane malah ngaling-alingi. Rehning kaya mangkono, bisane manungsa weruh marang kang mengku : ora ana maneh kajaba yen ora ngrasa, yaiku : rasa pangrasa bali marang kang mengku (pribadi – rasa kang sajati). Yen wis ora kaling-kalignan dayaning rasa pangrasa, mung pribadi kang ana. Ing kono lagi weruh marang dheweke, yaiku sing darbe rasa pangrasa, dudu rasa pangrasa kang kadarbe.
13.
Si Suta nuju poking batine dhewe, iku satemene : Si Suta mau ngener marang poking batine manungsa sa-jagad, awit poking batine si Suta iku iya poking batine makhluk kabeh. Ananging satekane ing poking batin, si Suta wis ora ana, kagentenan ing pribadi, kang nalika iku lagi mengku marang batine sakehing makhluk, (tembung : lagi tumrape kajaten ora wiwitan ora wekasan).
14.
Ora ana nyawa maded dhewe, mesti gumantung ing kajaten. Kajaten atinggal nyawa iya ora bisa, karo-karone tetep-tinetepan.
Barang kang madege katetepake ing liyane, ing basa manca karanan : Negatief. Kayata : ijo iku negatife godhong. Godhong negatife ijo, kuning utawa abang.mangkono uga : kajaten iku : negatfie nyawa, nyawa negatife kajaten. Si Suta negatife kajaten, kajaten negatife si suta.
Si suta butuh kajaten, awit adege si Suta saka ing kajaten. Dene kajaten, senajan ora butuh si Suta, nanging butuh nyawa saliyane si Suta, awit sajak negatif. Wengku mesthi butuh kang winegku, kaya godong anggone butuh marang salah siji saka : ijo, abang, kuning utawa putih.
Sarehning kajaten iku wengkuning nyawa kabeh, manungsa ora susah ngeling-eling bisane mengku marang alam, sumungkema pribadine bae. Sok uga lakuning nyawa tumeka ing poking batine, wis mesthi mengkune marang sakehing nyawa, awit negatif.
15.
Si Suta mulane ora bisa nyipati marang kajaten, awit kaling-kalingan dening pandulune si Suta. Mulane ora bisa nyakra bawa, sebab kaling-kalingan ing angen-angen si Suta. Mulane ora bisa ngrasakake marang jatine, awit kaling-kalingan dening raane si Suta. Cekake : mulane si Suta ora bisa nyatakake jatine, sebab kaling-kalingan dening rasane si suta (Pancadriyane). Anggere si suta isih ana, iya aora bisa weruh . (Sing ora weruh mau rasaning uwnge). Weruhe yen rasa Sutane wis ora ana : tanpa tilas, dadi kang werh mau dudu si Suta, yektine : Jatine.
Ewadene sanajan duduwa si Suta, iya dudu tanggane si Suta, isih ajeg dhewe, mung kacek maune “nyuta” banjur ora. (mari Nyuta). Mulane mangkono, awit kang jeneng si Suta iku pancen ora ana, kang ana mung : Dhewek. Dhewek mangkono kahanan tunggal jumeneng jejere sakehing rasa, uga jumeneg awake sakehe kadadeyan kang gumelar iki kabeh. Rehning mangkono, yaiku malihane si Suta, dhasar iku kang maune dadi si Suta.
16.
Ing swijining mangsa, manawa angen-angenmu panuju meneb, dening nafsumu panuju lerem, sarta ora tuwuh osikmu kang mangro mratelu, negmungna osik sawiji mulya, ya iku osik kang lerege, mung nuju marang kajaten, ing kono kowe wus andungkap tumeka ing budimu. Angen-angenmu karasa padhang awening.
17.
Bedane donya karo akherat iku dudu : saiki kro besuk, mung lair rkaro batin. Lair ana ing alam donya, batine ana ing akherat. Dadi : saiki uga aku ana ing akherat, dene kang ana ngalam donya iku rasa pangrasa kang kawengku ing aku. Rasa kang kawengku iku wujude kayata : pikiran, bungah susahing ati, padhang petenging mripat, weruhing mripat marang kahanan kang gumelar, krunguning kuping marang swasra, legi paiting rasa ilat, grejel kasaping angan, lara kepenaking badan. Lan liya-liyane. Iku kabeh dudu rasa kang sajati. Mung ayang-ayanganing rasa kang sajati.
18,
Nggayuh kasunyatan ora kena ngendel-endelake guru ngelmu utawa layang. Kang perlu mulasara dhiri, etraping panganggep lan sucining ati. Nanging tanpa guru : ora dadi.
19.
Tipising hawa nafsu kinanthenan kandel kumandeling kaparcayan ora ananing apa-apa saliyene Pangeran, iku : ngedohake coba rencana, nyepakake karahayon, sanajan tumrap saiki utawa besuk.
20.
Swarga iku yasaning ati, Naraka iya yasaning ati. Awit saka iku perluning perlu ora kaya wong mbenerake lakuning atine.
21.
1. Ora ana kadadeyan kang dudu karsane Pangeran, sanajan ora anaa kedadeyan kang tanpa sebab. Pancen sabab dalah kang disababi : karo-karoning karsaning Pangeran.
2. Ora ana kadadeyan kang tanpa sebab, sanajan sebab mau sejatine ora nglabeti. Pancen Pangeran anggone nganakake kadadeyan mau karsane dikantheni sabab. (Pangeran iku tembunging manungsa kanggo ngarani marang jatine, Pribadi, iku tembunging kajaten kang kaucapake nganggo lesaning manungsa).
22.
Ora perlu kabotan tresna marang daden-daden, tresnaa marang : sing dadi. Nanging aja gething marang daden-daden, sabab ing kono : ana sing dadi.
23.
Allah banget cedhake, malah sarupane kang padha cedhak-cedhak iku kabeh kalah cedhak, sanajan nyawa isih kalah cedhak. Ewadene wong sok nyana adoh : iya bener : awit kang aran adoh iku dununge mung ana ing panyana. Terange mangkene :
Adoh karo cedhak iku, karo pisan dak umpamakake barang. Barang iku mesthi manggon, amnggone ing panyana. Panyana iku manggon, yaiku ana ing kang mengku panyana. Ora ana maneh kang mengku panyana kajaba Allah. (Allah iku pribadi dalah rasa. Kabeh Pangeran : Pribadi Rasul rasane).
24.
1,
Si Suta saiki ana, biyen ora ana. Rehne mangkono, si Suta iku anane saka ora. Tembung mangkono iya bener, nanging karepa tembung anane saka ora : ora gampang. Nglengkara manawa kahanan gumandhul marang suwung. Suwung iku bisane mung sepi, tanpa rasa, ora bisa metu sutane.
2.
Si Suta saiki ana, biyen iya wis ana, nanging durung lair ing alam donya. Dadi si Suta iku anane saka ana. Tembung mangkono iku uga bener, nanging karepe tembung ana saka ana ora gampang, awit temung durung ana wis ana, iku tanpa teges (prakara kang akosokbali ora bisa kumpul). Kajaba saka iku, kang katetepan jeneng si Suta iku janjine rak sawise lahir. Sadurunge lair si Suta, ora ana kang katetepan jeneng si Suta. Lan maneh si Suta iku daden-daden kang molah malih, jebles ombak utaw mega. Sarehne kahanane si Suta ora ajeg, mangka sadurunge lair dijenengake si Suta, lah nalika durung lair mau kaya Suta nalika umur pirang taun, apa kaya nalika Suta nalika umur bocah, apa kaya Suta nalika bayi, apa kaya Suta tuwa.
Iku mung mungguh patitise mangkene :
Sadurunge si Suta ana, kang ana jatine utawa pribadine si Suta. Sebabe durung ana awit jati mau durung Nyuta. Bareng jati mau Nyuta, pa=Nyutane mujudake daden-daden kang diparabi si Suta. Lawase enggone ana ks Sutan mau sajroning wektu kalane jati isih Nyuta. Yen jati lerem anggone Nyuta, daden-daden kang diparabi Suta mari ana.(Pa-Nyutane (anggone Nyuta) jati iku nganggo jirime. Jati ora owah gingsir sebab mengkana-mengkene pasrah marang jirime. Ancer-ancer 7.c.).
Anadene kang aran jatine si Suta iya uga jatine si Naya, uga jatine si Dadap, ringkese : jatining daden-daden kabeh.
Sanajan pribadi iku ra-a dicethak-cethakake : Sawise tunggal utawa wungkul, sok uga dirasakake kang memet, mesthi banjur tetela yen : Ora kena ora mesthi mung sawiji utawa tunggal, malah yen dirasa : Ora perlu diarani siji. Tembung siji iku tembung wong kang madoni pikire dhewe kang lagi bingung. Padha bae karo wong kang nyethak-nyethakake yen bengi iku ora bareng karo awan.
Rasaning tembung pribadi uga wus ngemu rasa ssawiji. Mulane diarani pribadi, awit tanpa timbangan. Umpama ana timbangane, ora diarani pribadi, awit ora pribadi.
25.
Yen rinasa kang temenan, wijining sakehe kaluputan, apadene lawang kang marang panasaran, sejatine ora liya saka manungsa enggone ora bisa ngrasakake bedaning “dhiri” kari “Pribadi”, jongsi dhiri dianggep Pribadi. Mangkono uga kosok baline, wijining kautaman utawa lawang kang marang papadhang iya saka bisane manungsa ngrasakake bedaning dhiri lan Pribadi.
Terange mangkene : Sakawit saka ugering kodrat : sarupane kang urip tresna bangat marang pribadine, gedhening sih tresna tanpa timbangan, ora ana katresnan kang gedhene ngungkuli katresnan marang Pribadine. Mungguh ugering kodrat mangkono iku wis benere, jer sejatine ora ana apa-apa, mung pribadi kang ana.
Ananging ---- sarehnig kang di-anggep pribadi mau dhiri, yaiku jirim (kasar lan alus) wekasan katresnan kang gedhene tanpa wates mau tumibane marang dhiri kang kudu diluhur-luhurake.
Patrpa anggone tresna utawa ngluhurake dhiri mau mangkene :
Kaya umpamane wong lumuh ngalah ujar sakarepe, laku satindak, utawa kepati-pati ngalingi kaluputane kang wis tetela, kongsi dilabuhi ngetog budi lan ngingar-inger nalar, murih awake ora katon ala utawa luput. Iku yen diurus mungguh suwadine, ing kono banjur ketemu, yen uwite saka bangeting tresna marang pribadi. Enggone nemahi kaya mangkono mung marga saka kelirune bae, yaiku L dhirine dirasa Pribadine utawa jirim disengguh kahanan jati.
Kang saumpama bisa misah dhiri lan pribadi, mesthi dadi kosokbalene, liremalah ngukum lan mbantah nafsune kang ajak kaya mengkono, awit mengkono iku agawe pepeteng, sangsaya banget anggone sulap marang pribadine.
Kang marakake manungsa kedunungan watak kegedhen melik, jahil, drengki, dahwen, gumedhe, kumingsun, kuminter, ewan lan sapanunggalane : kabeh tuwuh saka rasa ati kang ajak ngluhurake dhiri.
Dhirine katon luwih lan oleha kang luwih katimbang liyane. Ora mung pikire wong liya kang dipurih mangkono, dalah pikire dhewe uga di ajak dening nafsune supaya nganggepa becik, luhur lan bener marang dhirine mau. Pikire dhewe uga manut, kongsi ora percaya yen patrape mau luput utawa ala, uga ora percaya yen peteng marga saka patrape.
Wong nemahi kaya mangkono sebab saka : tresna marang dhiri. Sebabe tresna marang dhiri sakawit saka : tresna marang pribadi. Mulane dadi tresna marang dhiri mung saka keliru penganggep. Sebabe keliru penganggep. Awit mbedakake dhiri karo pribadi iku, luwih dening ewuh sarta oran kena diterangake naggo tembung.
Wong jubriyahm kibir bidngah, sombong sapanunggalane : kabeh tuwuh saka : angen-angen kang ngajak ngluhurake dhiri. Pikir kang mangkono iku arane pracaya utawa nganggep, yen dhirine iku kawasa, becik, luhur sarta bener.
Sarehning saya tresna marang dhiri, saya kelangan pribadine (kaya ilanging jirim karo raen), mulane saraking Agama nglarangi banget marang wong jubriya, kibir bidngah, sombong sapanunggalane. Larangan mau sejatine saka pangeman lan rumeksane marang manungsa, aja kongsi kleru pangangep, ora weruh marang pribadine, dadi jalaran ora saka guru kang ora dhemen marang watak kang mangkono, lan ora jalaran saka disikokake ing Pangeran. Tembug kesiku iku tegese kang sejati K kasrimped utawa kesasar dening pratrap dhewe.
Tembung : Jubriya sapanunggalane, tembunge Jawa : Kumingsun (duwe panganggep kaya ingsun), sarehning dudu ingsun, maka di-ingsun-ingsunake, temah nyirnakake ingsun, nganakake jirim. Benere : nyirnakake jirim, nganakake ingsun.
Wewatekan kang tuwuh saka bangeting tresna marang dhiri, kang nglalekake marang pribadi, yen kabeber akeh warnane. Kayata : Saweneh manungsa karem marang kahurmatan, angkuh utawa sikon, iku uwite saka ngengkoki dhiri siji.
Sarehning manungsa duwe watak epeh, lumuh gawe kabecikan, iku sakawit saka keliru penganggep, dhirine disengguh pribadine. Saweneh manungsa duwe watak meren, murinan, panasten, iku ora liya jalaran iya anggone mbaukapine karo salah sawijining dhiri.
Ana wong kang dhemen nutuh wong kaluputan sarta dhemen ngalem wong kang lagi kabeneran, iku iya saka rasa ati kang ngajak ngatonake dhirine.
Ana wong lumuh rumasa oleh pitulung utawa pitutur ssaka liyan, dhemen ngaku aweh pitulung utawa pitutur marang liyan : iku jalaran iya saka nafsu kang ngluhurake dhirine.
Ana wong watak buterapn ing bab prakara-prakara rupa-rupa : iku iya saka bangete olehe ngiloni dhiri siji.
Ana wong watake lumuh medharake kabecikan dhirine, iku sebabe iya saka tresna marang dhiri. Ora sumurup marang pribadi.Lan liya-liyane. Sakehing wawatekan kang aa : sebab ora liya saka ora sumurpe marang pribadine.
Manungsa saya bisa nyilah-nyilah dhiri lan pribadine, saya sauda watake kang kumudu-kudu ngluhurake dhiri, marga kang di-engkoki jatine sakehing dhiri. Dadi : lupute oran ngengkoki sawiji-wiji, iya ngnegkoki sakehing dhiri. Panganggaep kang mangkono, gedhe banget dayane, kawasa nyirnakake wawatekan kang ala, kang kasebut mau kabeh. Banjur nganakake watak sabar, welas asih, sumeleh, rila, lega, legawa, ayem, tentrem, narima, wasana ndadekake weninging budi (). Sadurunge sarira Bathara wis ngicipi rakhmat, ngenyami rasa kang mulya, nikmat lan munpangate ngungkuli wong sugih lan luhur.
Manungsa, sajroning nyaburgawe utawa leren saka nyabut gawe, ing wayahrina lan wengi, aja peagr elinge yen ---- pribadi kang ana. Dhiri sipate pribadi.
Yaiku maksuding lapal : Lailaha-illallah, Muhammad Rasulullah.
oooOOOooo
26.
Mratelakake mangsane wong nganggo lan mbuwang piranti, (Umapa A nganti F).
UMPAMA A : Wong kang pinter nunggal egrang utawa sepedah iku ora dupeh wong kang rosa, Sanajan kuru lan ringkih, yen wis prigel, wasise ngungkulu kang lemu lan rosa.
Semono uga, kalane lagi sinau marang kaprgelan, kudu nganggo karosan uga. Gunaning karosan kanggo mitulungi ing kidhunge. Yen wis mari kidhung, karosan ora di-enggo. Kang di-enggo mung : prigele.
Lire ing dhuwur iku :
Karosan iku piranti kang kudu di-upaya landi-engg ing wong sinau nunggang egrang kalane durung prigel. Saise oleh kaprigelan (oleh-olehane rasane kang tansah niniteni)ing kono wis wiwit nyuda panganggoning karosan, dening wis salin piranti : kaprigelan. Ing wusanane karosaning awak prasasat ora kanggo. Di salini kaprigelan.
Saka nalar kang mangkono iku, kita nemu wawaton : piranti iku di-upaya kalane durung ana lan kudu di-enggo kalane isih perlu nganggo. Dadi luput manawa kita lumuh nupaya nalika durung duwe utawa lumuh nanggo kalane isih perlu nganggo, nanging : iya keliru manawa kebanjur (karem) ana ing piranti bae.
UMPAMA B : Bocah kang durung sumurup lan ngrasa marang paedahe adus lan sinua, tartampu ora gelem nglakoni adus lan sinau. Tumrap bocah kang mangkono perlu di-alembana utawa diganjar manawa gelem adus lan sinau, terkadang iya perlu diwenehi paukuman utawa disrengeni manawa ora gelem adus lan sinau. Dayane pangalembana lan ganjaran nuwuhake kapenginan lan karep marang adus lan sinau, dayaning ukuman lan pengrang-erang nuwuhake wedi lan isin.
Mungguh kepengin, wedi apadene isi, kabeh iku dadi piranti kang nuwuhake karep lan nulak marang kesed, utawa lumuhe. Awit dening karep dadi nglakoni. Awit saka nglakoni marambah-rambah, tuwuh pangreten lan rasane marang paedahing adus lan sinau. Sawuse cukup pangretene lan bisa ngrasakake dhewe, ing kono wis ora nganggo piranti kang arupa kepengin marang pangalembana lan wedi marang paukuman, marga wis disalini ing pangreten lan rasa.
UMPAMA C : Wong becik iku ora dupeh kang dhemen marang panggawe becik sarta gething marang panggawe ala. Senajan ora dhemen marang panggawe becik sarta ora gething marang panggawe alan, yen dhasare watake wong mau becik, iya luwih becik katimbang kang dhemen panggawe becik lan gething marang panggawe ala. Samono mau kalane lagi nggegulang kalakuwan kang becik : (rehning durung becik) iya kudu kang dhemen marang panggawe becik, sarta kudu gething marang panggawe ala. Mungguh gunane dhemen karo gething mau supaya ngedohna si ala, nyedhakake marang si becik, yen wis oleh dhasar becik, wis ora susah nganggo piranti dhemen utawa gething marang sabarang prakara, awit kang mumpangati : becike, dudu si dhemen karo si gething, malah dhemen lan gethinge : ngrubedani, awit kang aran gething karo dhemen iku dayaning nafsu.
(Nganggo piranti nalikane isih perlu nganggo, iku kena kaumpamakake : nunggang tunggangan nalikane durung tekan ing panggonan kang dituju. Mangkono uga kosokbaline : ninggal piranti samangsane wis ora perlu nganggo, iku kayadene wong kudu mudhun sakan tunggangan samangsane wis tekan ing enggon).
UMPAMA D : Manungsa kang utama iku satemene ora dupeh kang isin marang panacad lan seneng marang pangalembana. Sanajan manungsa iku ora dhemen misuwur lan ora isin kacacad ing wong, manawa yektine dhasar mangerti lan eling (jalaran mengkoki jatine, ora nganggep marang dhirine) iku mumpangate ngungkuli kang dhemen misuwur lan isin dicacad.Semnono mau pamardining budi murih bisa tumeka ing papadhang le eling : sakawit kudu melik ka-alembana lan isin kacacad (miturut ugering reh kaprawiran). Gunaning ppiranti iku kanggo ngajokake nafsu kang marang ka-utaman, serta menggak nafsu kang marang kanistahn, dene yen wus kaleksanan tumeka ing kautaman, lumuh marang kanistahn, dening wis awas budine – ing kono wis mangsane ora susah melik ing pangalembana lan aja isin di cacad sapa bae, (Iki kang aran ngungkurake dhiri, madhep marang pribadi), awit nafsu kang marang kanisthan wis nirmala waluya, kagentenan ananing rasa tunggal, woring budi eling. Sasirnaning nafsu kang marang kanisthan, kari nyirnakake nafsu kang melik ing pangalembana lan isin dicacat, awit iku rereged tumraping kajaten.
(Lumuh nganggo piranti kalane isih perlu nganggo : iku keliru. Nanging iya uga luput manawa benere wis atinggal piranti teka kabanjur nganggo piranti bae dening piranti mau rinasa utawa disengguh sing duwe piranti).
Mulane melik ing pangalembana lan isin kacacad kudu kasirnakake, awit iku uga nafsu kang nasarake angen-angen. Lire si nafsu enggone nasarake yaiku : angen-angen di-ajak ngengkoki dhiri siji.
Mangka yen ngengkoki dhiri, kelangan pribadine, lali yen jati kang ana. Awit saka iku, kang wajib diturut : Budi, awit iku tuduh marga : nymurupake marang bener, kayata nyumurupake marang ora anane apa-apa mung pribadi kang tunggal, dadi iya nuduhake yang kang di-alembana lan di cacad iku mung ayang-ayangan sajroning pramana (pangilone pribadi), kang sawatara mangsa engkas bakal sirna. Dene kang ngalembana utawa nacad iku rasa kang ora sejati (maya) kang kumambang ing Pribadi kang tunggal ringkese : kang ngalembana lan kang di-alembana : karo pisan padha gorohe, sajatine tanpa tanja.
Awit saka iku tetela yen rasaning ati kang seneng marang pangaembana lan isin kacacad, iku mung dadi piranti kang dianggo ing sawatara mangsa bae. Manawa arep manjing jaten, piranti iku kudu dibuwang (wong nununggang, yen wis tekan ing panggonan, kudu mudhun saka tunggangane).
UMPAMA E. : Antenging samadi, iku ora dupeh ana ing panggonan kang sepi nyenyet, sanajan dumununga ing papan kan akeh swara, yen wis prigel ngempakake pangesthi, bisa tetep ngungkuli kang dumunung ing pasepen. Samono uga pamardining kabisan, kudu dumunung ing papan kang sepi. Gunaning sepi kanggo nglumohi ing kagetan. Lan nyut-nyutane. Yen wis lantih sepining panggonan wis ora perlu, kang perlu : Kaprigelane.
UMPAMANE F : Manungsa kang sampurna iku ora dupeh wong kang milih panggawe becik, nampik marang panggawe maksiat, sanajan nglakonana panggawe maksiyat sarta ngumpulana wong kang dhemen marang panggawe ala, yen atine dhasar suci (kalis karo ala) sukcine ngungkuli wong kang padha sumuci-suci. Semono mau, kalane lagi ngudi marang kasukcen, iya kudu milih panggawe becik, aja awor wong ala, sarta kudu lumuh nglakoni panggawe kang bisa nggandeng nafsu kang ala. Gunane milih kang becik, ngedohi panggawe ala mau kanggo nglumohi ing petenging budine lan enggone durung sukci, durung gkalis karo ala (gampang keplesete).Yen wis padhang budine sarta kalis karo ala, ing kono wis ora perlu nampik milih, kang perlu : wewekane lan kalise karo ala.
27.
Kelira-kleiruning panganggep, yaiku :
Ana kang tumiba marang dhiri, ana kang tumiba marang Pribadi,
Yen tumiba marang dhiri, nunggal karo angen-angen nganakake ambek kumingsun.
Yen tumiba marang Pribadi, nunggal karo Rasa Tunggal, nganakake tekad.
oooOOOooo
Manungsa nggayuh marang kajaten iku wajibe. Bisa widhadha : Kudu nganti pracaya marang pangawasa kang dumunung ing dhirine. Enggone nggayuh aja dipaido bisane kaleksanan, tegese : aja ngapesake marang dhirine. Samono mau iya kudu sumurup sebabe dhirine ora kena di-apesake.
Mulane dhirine ora kena di apesake, awit mobah mosiking manungsa utawa krenteg krekate manungsa anggone nggayuh kasampurnan, sajatining apngaling Pangeran, dadi yang manungsa ora percaya marang dhirine, prasasat ora percaya marang apngaling Pangeran, utawa ora ngandel marang kawasaning Pangeran. Yen ora percaya marang kawasaning Pangeran kang dumunung ing dhirine, dalaning widada kapepetan ing pamaidone dhewe, wekasan dhirine bisa uga dadi apes temenan marga saka anggepe pribadine.
Ananging aja banjur duwe panganggep : dhirine bisa utawa kuwasa. Awit saka iku di-awas marang keliara keliruning panganggep. Sanajan keliruning panganggep iku dumunung sa-jroning batin, ewadene bisa atara lan kerasa, awit katon ana ing patrap.
Wulanging Agama: Manawa ngaku Allah arane tekad kadariyah. Yen ora ngaku arane tekad Jabariyah. Karopisan ora bener.
Yen ngaku disebut kufur, yen mungkir diarani : kafir, nanging yen ora ngaku ora mungkir ka-aranan : kopar.
Kapriye benere ? Bisane sumurup bener manawa bisa ngrasakake bedaning dhiri lan Pribadi, awit maksuding kiyas, ora liya mung murih ngengkokana jatine sarta ngungkurna dhirine.
=รจ>TAMAT ------ SURASANING SERAT JATIMURTI <รง==
RINGKESING KAWRUH I NGANTI TUMEKA VII
I.
Kang diarani nyawa iku uriping rasa
Kang diarani rasa iku pratandhaning nyawa. Tegese
Mulane bisa ngrasa, awit urip.
Tandhaning urip : bisa ngrasa.
Nyawa iku wujud jirim, yaiku sipating kajaten.
II.
Rasa-rasaning manungsa ana telung golongan :
1. Rasaning badan wadhag
2. Rassaning ati
3. Rasaning engetan.
Dadi manungsa mengku urip telu :
1. Nyawa badan lumrahe mung diarani : rasa.
2. Nyawaning ati : lumrahe mung diarani : ati.
3. Nyawaning engetan, lumrahe mung diarani : Budi.
CEKAKE :
Adeging manungsa iku woring rasa tetelu : budi; ati; rasa.
Rasa, kang dadi pangareping urip ngalam donya.
III
Budi --- ati --- rasa : padha urip ing ngalame dhewe-dhewe.
Alaming bumi diarani : Guruloka (Betalmakmur)
Alaming ati diaranai : Endraloka (Betalmukharam)
Alaming rasa diarani : Janaloka (Betalmukadas)
Budi lamabrane sirah, telenge ing uteg.
Ati lambarane dhadha, telenge ing jantung.
Rasa lambarane badan sakojur, telenge ing farji.
Keterangan :
Manungsa urip ing alam donya, iku sejatine kang dumunung ing alam donya mung badane wadhag, yaiku uriping rasa badan kang wadhag.
Denen, atine ora melu ana ing ngalam donya, tansah urip ana ing betalmukharam, dene budine : urip ing betalmakmur. Kauripan tetelu dadi siji, nanging siji-sijine ora gepok senggol.
IV
Kang di udi dening manungsa :
Dhisike : Weninging budi disebut : kawicaksanan.
Banjur : Kajaten, disebut : Kasampurnan.
V
Kapriye patrape nggayuh weninging budi utawa kawicaksanan?
Satemene kang di gugulang dening para ulah ngelmu iku lerege ora liya mung :
1. Manut budine, (awit Budi iku mesthi bener).
2. Meper : uriping ati (Nafsu)
3. Meper : uriping rasa.
Urip, dening kerep ka-empakake dayane
Peper : dening disudani empane.
Keterangan :
1. Uriping raa lan ati, manawa peper, dayaning uripe ora ilang, mung ngalih banjur nguripi budi, ing kono budi dadi gedhe dayane, diarani wicaksana, tegese : padhang. Lempering rasa lan ati di-arani : tentrem, lerem utawa ayem.
2. Kng endi kang gedhe urube : iku kang kuwat dayane, dadi pangareping urip, tegese : ngorupi. Yen kang gedhe uriping rasa manungsa karup ing rasa, banjur rumangsa ana ing Janaloka (sareH), Yen kang gedhe uriping ati, manungsa korup ing ati, banjur rumangsa ing Endraloka. Yen kang gedhe uriping Budi, manungsa kurop ing Guruloka, aran sarira Bathara. Ngambah Guruloka lagi jeneng wicaksana utawa pramana, ing kono dalan kang marang kasampurnan.
VI
Kang dirasa --- rasane – kang ngrasa.
Kang di arani alam iku kang dirasa, dudu rasane lan dudu kang ngrasa.
Kang diarani nyawa iku kang di enggo ngrasa, tegese : rasa, dudu kang di rasa lan dudu : kang ngrasa.
Kang di-rasa diarani : ngalan Kabir.
Kang di enggo ngrasa diarani : ngalam sahir
Kang ngrasa diarani : kajaten.
Kang dirasa iku sejtine ora ana, awit anane gumantung marang anane rasa. Ananging rasa gumantung marang anane kang ngrasa.
Dadi sejatine ora ana apa-apa, mung kang ngrasa kang ana.
Tembung lali, tegese : korup marang kang di rasa, ora ngelingi rasane, luwih-luwih marang kang ngrasa.
Eling, tegese : Awas marang rasane, ora korup marang kang di rasa.
Sampurna, tegese : awas marang kang ngrasa, ora korup marang rasane, luwih-luwih marang kang di-rasa.
VII
Keterangane tembung kang ngrasa.
Kang ngrasa saka : Kang lan ngrasa.
Kang : iku enenge, ngrasa : iku panggawene.
Kang ngrasa enggone ngrasa nganggo rasane, ora nganggo kange, Dadi : kang, iku mung mengku, tetep langgeng ora owah gingsir, sebab pagaweyan ngrasa wis diwakili ing nyawa piranti ngrasa. (Sarupane kang wujud jirim, tumrape kajaten mung obah-obahan – dadiyan – ora kena kinaya ngapa bab patraping obah, awit ana keblat lahir dan batin).
oooOOOooo
Pitakon lan wangsulan maksude layang Jatimurti
Apa maksude layang iki ?
Yaiku : marsudi patraping tekad apadene panganggep kang bener mungguh ing kahanan kang sajati, tuwuh saka nalar kang terang lan kusus.
Patraping tekad sarta panganggep kang bener mau kudu dinata kanthi padhanging nalar. Dene padhanging nlar tinemune saka terang marang : apa lire kahanan jati sarta apa tegese wong ngudi kawruh. Terange ora njaba kudu kajereng kang genah asilah.
Yen manungsa ora luput ing pangerti lan ora keliru ing panganggo (pangadel) tartamtu ora keliru ing tekad, dene yang ora keliru ing tekad, iay ora keliru ing patrap, iya patraping tekad (lenge), iya patraping ati (watak), iya patraping raga (solah bawah).
Apa tegese patraping tekad ?
Patraping tekad, tegese : anggon nata lakuning batin, kapriye lenge utawa elote.
Ananging kapriye ta enggone ngarani utawa nembungake, rehning mangkono mau awujud rasa. Apa ana wong bissa nuduhake : rasa. Umpamane : rasa kang sok di-arani nganggo tembung asin, iku kepriye enggone mratelakake. Awit tembung : asin rak mung di enggo ngarani bae, ora bisa nuduhake rasa (Wong bisa nuduhake rasa asin manwa ana wong bis nyilihi ilat),
Jerenge tembung kahanan jati apadene keterangan kawruh ukuran kang kaping pat : iya mung wujud unen-unen kang mratelakake kawruh (pangreten). Kawruh iku dudu tekad, semono uga manawa di rasakake kang temenan, kawruh mau dadi srananing panggraita kang banjur nuwuhake : rasa rumasa, panganggep kongsi tumeka ing tekad.
Kita bakal ngaku yang panganggep lan tekad kang bener iku tenimu sajroning wong ngempakake pikir lan ngrasak-ngrasakake kawruh. Awit yen wong durung ngerti apa-apa, iya durung duwe tekad apa-apa, jalaran durung duwe penganggep kapriye-kapriye.
Apa perlune wong duwe tekad lan panganggep kang bener ?
Gedhe banget dayaning tekad kang bener utawa pangangep kang pratitis mungguh ing kahanan jati. Awit tekad utawa penganggep iku mahanani patrap (patraping rasa lan budi kelakuwan) kaya : 1 ngangti 6.
1.
Nyrinakak anggep kumingsun, gumedhe, kuminte, sapanunggalane. Manungsa kang bener mungguh ing panganggepe maring kahanan kang sajati, iku lakune satindak lan ujare sakecap tansah katitik ana pasemon, yen sepi ing pamrih, tegese sepi saka ing anggep mitontonake dhiri. Apa ta sebabe : iya saka rumangsa yen dheweke satemene dudu kang katon jirim iku, kabeh-kabeh dudu kahanan kang sajati sarta sawatara mangsa engkas bakal sirna.
2.
Nyirnakake watk melikan, penginan, sugih pakareman sapanunggalane : Apa sebabe : iya saka rasa lan rumasa yen donya iku luwih dening sepele sarta mung sedhela, jer dudu kahanan jati. Dhewekang sajati. Langgeng ana ing kasukcen ra butuh apa-apa.
3.
Nyirnakake watak gethingan, panasten, murinan, sugih duka sapanunggalane, awit rumasa yen dhirine padha lon wong liya. Kabeh kang wujud jirim : sipatendhewe. Kabeh rasa : rasane dhewe, sarta kabeh-kabeh dudu kahanan kang sejati.
4.
Nirnakake watak kagetan, gumunan, gimiran, ngresulan, uwas, sumelang spanunggalane, awit saka kandel piyandele yen dheweke kang sajati ora ika iki. Kabeh panggawe saka dheweke kang enggone nindakake kukum ngadil marang sipate, Kajaba iku ora ana prakara kang langgeng (bungah susah sapanunggalane) kajaba mung dhewe kang sajati.
5.
Nyirnakake watak demen goroh, dening rumasa yen goroh iku gawe gorohing atine dhewe, sarta tuwuhe mung saka pamrih kang banget enggone sepele.
6.
Nganakake watak lembah manah, welas asih, ayeman, tentrem, narima, sumeleh, dhemen tetulung, rilan, tawayuh, sapanunggalane, awit sumurup yen wong liya padha lan badane, kebh uwong : sipate dhewe, kabeh rasa : rasane dhewe, apamaneh dhirine iku dudu dhewe kang bener.
Ing angka 1 nganti 6 mau, dayane ambeningake budi. Bening budi ndadekake awas marang dalan kang marang kawicaksanan : Kawicaksanan dadi dalan marang kasampurnan, dadi :
1). Manungsa nggayuh marang padhanging budi, kudu mbuwang reregeding ati. Patrape mbuwang reregeding ati : kudu kanthi padhanging budi. Karone kudu tumindak bareng.
2). Marsudi padhang kanti mbuwang reregeding ati mau : kudu bener panganggepe mungguh ing kajaten, dene bisane bener panganggepe mungguh ing kajaten, aranane iya kudu mbuwang reregeding ati kanthi madhangake budi. Karone tetp tinetepan, kudu tumindak bareng.
3). Enggone tumindak bareng mau saka sethithik. Ngudi kawruh sarana madhangake budi sarta mbeciki watak, kena ka-umpamakake : Ngajokake kereta sarana ka-ubengake rodhane. Lire yaiku : enggone tarik tinarik ajuning kereta karo ubenging roda kaya tarik tinariking panggayuh papadhang ilanging rereged. Ajuning kerata : dayane ngubengake rodha, ubenging rodha dayane ngajokake kereta. Mangkono uga papdhang lan cipta utama : dayane nyirnakake rereged, titimbangan : wong mbuwang rereged nemu pepadhang.
Prayoga ka-anggit sajroning ati.
Wongnggeret kereta wiwitane rekasa, nanging suwe-suwe suda rekasane, awit kapitulungan ing daya laku (energie). Wekasane sirna rekasane, awit kereta banjur lumaku dhewe tanpa digeret lan di-ubengake rodhane, malahan genten : kang nggered nunggang ing kereta kang wus lumaku dhewe mau. Iku dadiya pipindhan lakuning jiwa menyang batin. Sabarang prakara wiwitane panecn angel, apamaneh prakara ngudi kawruh kasampurnan. Naging angele di-kayangapa, lawas-lawas suda angele, wekasane : sirna angele, awit dayaning nyawa kapitulungan ing dayaning kajaten. Banjur genten : nyawa ora melu namakake daya apa-apa, mligi dayaning kajaten. Ingsun ing telenging batin, tansah narik nyawa kang lumaku menyang kajaten. Sangsaya cedhak lan pusering batin, sangsasya oleh dayaning kajaten (jinurung ing pribadine).
Dzat iku apa, kapriye, kaya apa ?
Apa ana wong bisa mratelakake ?
Wong ngarani : mung oleh : aran. Wong ngrasakake, mung oleh : rasa. Wong nypati, mung oleh : sipat.
Aran, rasa apadene sipat, iku dudu : Dzat (kajaten). Dadi Dzat ora kena diarani, ora kena dirasakake, ora kena disipati. Cekake : Cep tan kena kinucap. Tan kena cinakrabawa, tan kena kinayangapa. Kenane mung dinyatakake nganggo kajaten, tegese nganggo gaibing rasa.
Rehning ana gumanthung ing pangesti, sirna gumantung ing lali, sarta manungsa kudu duwe panganggep marang ora ananing apa-apa kajaba mung Dzat, mangka Dzat ora kena cinakrabawa, utawa kinayangapa, lan kepriye patrape ngesti marang ananing kajaten lan nyirnakake kang gumelar ??
Mangkene : Dhisike kudu terang marang tegese wong ngudi kawruh, yaiku nalar-nalaring pangudi kawruh apa ka-aran kahanan jati, endi kang dudu, kepreye keterangane lan liya-liyane. Sawuse uwong kadunungan ing pangerti kang benre lan terang mungguh ing ka-alusan, ing kono panganggep mau banur mapan dhewe, ora kalawan digawa, sarta tekad iya banjur thukul dhewe, ora klawann digoleki. Dene yen wus kadunungan ing panganggep lan tekad, ing kono patrap iya dadi karepe dhewe, iya patraping tekad, iya patraping ati, iya patraping solah bawa.
Iya tartamtu bae ta wiwitane durung patiya terang durung tetep ing pamanggone, lan durung patiya bener ing pamapane, nanging saya lawas saya terang, saya manggon lan saya mapan. Wasana tansah kasandhang salawase, sanajan karo lumaku, karo nyambutgawe lan karo turu : panganggep lan tekad mau tansah manggon lan mapan. Samangsa-mangsa semadi, panganggep lan tekad cumawis njurung lakuning rasa.
Lire panganggep utawa pangandel, yaiku : Patrap enggone nganakake. Naging dudu pangira-iraning pikir, panggambar utawa pagentha-etha, dadi mung adeping ati marang pusering batin. Apa ta lire andhep? Umapamkna : wong madhep mengalor, iku kudu : ndeleng rurupan kang dumunung ing elor, awit adhep mangkono mung : patrap. Uga mangkono bab wong madhep marang batin, aja ndulu apa-apa; tegese : Nglalekna (ora merduli) sarupane kang katon lan karasa sa-jeroning semadhi.
Sirnaning jagad saka : Lali. Liring lali : Sirna rasa pangrasaning kawula dening katut dayaning panganggep kanthi iktikad. Senajan panganggep kanthi iktikad mau skawit saka : panggawening kawruh, nanging gedhening dayane kawawa narik dayaning kawula, kongsi dayaning kawula sirna katut dayaning iktikad, kang awor dayaning kajaten.
Sepisan engkas : Panganggep kanthi iktikad thukul dhewe sarta mapan dhewe, dayane ngebat-ebati, sarta ing wekasan malih dadi dayaning kajaten.
Katerangan Ringkesan (pungkasan)
Sakawit, kita mbudi marang pangerti, diarani : ngelmu. Pirantine : pikiran lan rasa. Saka ngelmu tuwuh panganggep kanthi iktikad. Sawise kadunungan panganggep kanthi iktikad, ngelmu wiwit ora kanggo, pikiran karindhikake. Dadi kudu mbuwang pikiran kang akeh-akeh, sarta ngringkes karep kang rupa-rupa (meneng) kagelengake dadi sisi, awor lan tekad.
Lakune rasa pangrasa murih ora menggak-menggok, sarana rambatan talining urip, kang nggandeng uriping dumadi lan urip kang langgeng (panas) iku kang minagka pandom lan rambatan. (Sampurnaning prakara iki kudu ka-gurokake). Manawa lestari lan kukuh enggone gandhulan (ora keselanan gagasan lan ora katuron) sirna ayang-ayangan sajeroning pangilon, kari pangilone. Wekas-wekasane : Sirna pangilone, Kari kang ngilo.
Pribadi ing Telenging batin iku sing endi?
Teleng batin iku endi?
Ngadepake ati marang telenging batin iku kapriye ta?
Iya pitakon mangkono iku sebabe uwong nganggit layang Jatimurti, Tasawuf, hidayatjati sapapadhane, supaya : kang takon ngrasakna kawruh. Banjur tuwuh panggraita lan panganggepe kang saya lawas saya mapan, awit kapriya ta wong nudhuhake Rasa nganggo Tembung? Mau mula tembung iku mung kanggo ngarani, ora bisa nuduhake Rasa, kang diarani.
Mung tekan semene dayaning Tembung.
Oooo==== T A M A T ====ooO